Dhalang Ki Cerma Bancak putra saking dhalang Ki Jayeng (Wiji), Ki Jayeng ugi abdi Dalem dhalang Kadipaten Pakualaman.
Trah Jayeng miturut Ki Cerma Sutejo wonten nami Jayeng Kusuma ; Jayeng Gati ; Jayeng Taryana ; Jayeng Suwita, Trah Dhalang Jayeng menika sumberipun saking daerah Klaten.
Rikala semanten jaman Sinuwun Ping Enem, dhalang saking Klaten lenggah wonten Yoja asma Ki Jayengtaryana, wonten Yoja mayangipun ora umum laris, pakeliranipun sae, Ki Jayeng nate ugi ditimbali wonten Mangkunegaran dados narasumber lampahan Surakarta babon Pustakaraja.
Ki Cerma Bancak dhalang kawentar era taun 40-60an, putra-putri Ki Cerma Bancak kaliyan Nyi Cerma Bancak wonten 3 : Nyi Wasini, Ki Suparman saha Ki Supardi. Ingkang nerusaken dhalang Ki Cerma Bancak putranipun Ki Suparman lan Ki Supardi, wiwitan Ki Suparman ngringgit nderek Ki Bancak rumiyin ringgitan siang-dalu, ingkang sepisanan wonten dhusun Gancahan, Sidomulyo Godean Ki Suparman ingkang siang, ingkang dalu Ki Cerma Bancak. Ki Cermo Bancak ugi dhalang ruwat.
Rekaman pers saking Koran Kedaulatan Rakjat nate iklan dinten Setu kliwon 14 Januari 1961, Ki Cerma Bancak ngringgit lampahan Laire Gatotkaca wonten Kagungan Dalem Gedong Sasana Hinggil Dwi Abad mawi karcis (gambar 3).
Pasareyan nipun Kyahi Cerma Bancak wonten pasareyan Semaki Gedhe, Jalan Cendana ing wonten cungkup keluarga warni ijo, sareyanipun nunggal para putra-wayahipun nggih punika Ki Suparman, Ki Supardi, Ki Seno Nugroho. Al Fatihah kagem Ki Cerma Bancak sarta putra-wayah ingkang sumare wonten pasareyan Semaki Gedhe Amin…

Panjenengan nate mriksani napa priksa Ringgitan Ki Cerma Bancak?
– Biografi Ki Suparman, Ki Sukoco post Bapak Sumanto Susilomadyo, 2017
– Buku 200 tahun kota jogjakarta.
– Kedaulatan Rakjat, Perpusnas
– Sinau Wayang Trah Ki Seno Nugroho, Yt DG Channel, 2021





