Home / Politik / Murtiyanto Caleg Gasruk

Murtiyanto Caleg Gasruk

 

Klaten,REDAKSI17.COM – Minggu Pon,24 September 2023 pawarta redaksi17.com sengaja Sanja Desa ana wewengkon Kecamatan Manisrenggo,Kabupaten Klaten,Provinsi Jawa Tengah.Sawise antuk katerangan kang gumathok saka kadang Sutomenggalan,Tijayan tumuli sowan MURTIYANTO kang pidalem ana ing Padhukuhan Magersari 1 RT 20,RW 07,Desa Bendan,Kecamatan Manisrenggo,Kabupaten Klaten,Provinsi Jawa Tengah.

Pranyata sawise ketemu kanyata piyayine duweni pribadi kang becik,grapyak semanak,sumadulur,santun anggone atur pangandikan.Temahan sawise bisa sabet jagong ,pawarta tumuli nyuwun pirsa anggone duwe krentek maju Caleg DPRD Klaten lumantar partai Nomer Urut : 8 yaiku Partai Keadilan Sejahtera(PKS).

Miturut atur pangandikane Murtiyanto utawa diaturi Pak Murtiyanto asmane akrab,priya Kelairan Klaten 15 Mei 1977 iki,marang pawarta mratelaake,menawa sadurunge diCalegake dening partai ,aktif minangka kadher PKS Wiwit Taun 2004 kanthi pinaringan amanah minangka bendhara lan uga ngasta bagian kesra.Karana sasuwene ngasta ana PKS nggawa kemajuwan lan ngrembaka kanthi becik.Satemah ana ing Taun 2021 kepungkur pinaringan amanah minangka Ketua DPC PKS Kecamatan Manisrenggo.

Murtiyanto nambahke saliyane ana PKS uga aktif ana maneka organisasi.Kayadene ana kampunge pinercaya dening masarakat minangka Ketua RW 07 lan ana ing Kantor Desa Bendan durung suwe Iki winisuda minangka Ketua BUMDES.Kajaba kui ana pundhake sinampiran sampur minangka Tim Pemberdhayaan Ekonomi masarakat sarta ana ing Pondhok Pesantren Ibnu Abbas kang didegne dening Swarga Ustad Muin minangka Sopir Ambulan sing minangka pakaryan kang ditindakake saben dinane.

Ewasemana dening Dirut RHI (Rumah Harapan Indonesia Klaten Dr Joko Raharjo lan dr Yayuk Fatonah diparingi amanah ngurusi Lazis sing infak sarta zakat diparingake kanggo pemberdhayaan ekonomi masarakat.Ewadene ana ing Bendan uga ngesuhi Rumah Umat Islam Bendan kang rikala semana arane PHBI(Panitia Hari Besar Islam) lan ana ing Komunitas Orang Tua Asuh Peduli Pendhidhikan Anak (KOTA PENA)sing tugase maringi bantuwan pendhidhikan murih bisa nerusake sekolah sing luwih dhuwur,yaiku SD,SMP,SMA,Jalaran sekolah iku wigati banget perlu antuk kawigatene pamangku sosial.Pangandikane garwane Ibu Fitri Yetti Handayani,S.T lan peputra telu iki.

Wandene gegayudan anggone maju Caleg sarta garwane sing ngasta minangka guru ana STM Pembangunan Mrican,CaturTunggal,Depok,Sleman,D.I.Yogyakarta.
Gegayudan anggone maju Caleg nganti mbentuk Timsessus kanthi jeneng RAJA SENTUL (Rakyat Jelata Seneng Tetulung) Ature Caleg GASRUK(Calon Legeslatif Gasak Sik Urusane Sesuk).

Ewadene Yen kang magepokan karo pakaryan sing ditindakake garwane sing pasuryane ayu marak ati, sing ngasta guru ana STM Pembangunan Mrican isih nerusake S2 kok boten isin duwe bojo sopir ambulan kaya kula niki Mula pingin mbahagyakke bojo kula mugiya saget dados anggota dhewan.

Supados saged mujudakaken gegayuhan sarta pangajab kula ingkang wigati,ingkang jumbuh kalihan Visi,Misi PKS inggih punika badhe Mujudaken Masarakat Manisrenggo,Prambanan,Jogonalan,Gantiwarno,Karangnongko, Kemalang makmur,sejahtera khususipun lan masarakat Klaten umumipun.

Awit mangertosi kawontenanipun masarakat Klaten antuk kawigatenipun wakil rakyat,Mila ati kula kepanggil kedah merjuwangaken aspirasinipun masarakat wonten Ing Pemda Klaten.Pungkasing pangandikan Caleg Gasruk Murtiyanto marang pawarta.

Pawarta : Jana/red17.com

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *