Home / Politik / Prof.Dr.KPH. Walijo Budi Prayitno,MBA,Merjuangke Masyarakat Kanti Sarwa Prasaja

Prof.Dr.KPH. Walijo Budi Prayitno,MBA,Merjuangke Masyarakat Kanti Sarwa Prasaja

 

Bantul,REDAKSI17.COM – Bangsa Indonesia udakara limang sasi maneh bakal ngadani Pemilihan Umum,tepate tanggal 14 Februari 2024 saperlu milih calon wakil rakyat sing lungguh ana DPRD Kabupaten/Kota,DPRD Provinsi,DPR RI,DPD RI sarta milih Presiden lan Wakil Presiden.

Magepokan karo pemilihan calon wakil rakyat kanggo DPRD Tingkat Kabupaten,kayadene sing bakal ditindakake dening Prof.Dr.KPH Walijo Budi Prayitno,MBA utawa diaturi Pak Walijo Budi Prayitno asmane akrab,Priya kelairan Bantul,30 Maret 1965 kang pidalem ana ing Padhukuhan Sungapan Dukuh RT 071,Kalurahan Argodadi,Kapanewon Sedayu,Kabupaten Bantul,Yogyakarta yaiku minangka salah sijine Calon Anggota Legeslatif saka PDI Perjuangan,Dapil 5(Sedayu,Kasihan)No:7.sing duweni maneka pengalaman.antarane wis tau nglatih beladhiri ana Yonif 403 Demakijo suwene 30 Taun.Penghusada Alternatif.Ketua Umum KWRI(Koalisi Wartawan Ranking Indonesia) DPW DIY.Ketua Ikatan Pedagang Pasar Indonesia DIY.Pimpinan Redaksi Surya Pos Group.Ketua Korwil LPK(Lembaga Perlindhungan Konsumen)Se Jawa-Bali sarta Pimpinan(Ketua)maneka ormas utawa LSM liyane ana ing tingkat Kabupaten lan DIY.

Karana saka sakehing ormas kang dipandhegani dening Walijo Budi Prayitno iki,tumuli Wakil Bupati Joko Purnomo ngadani patemonan saperlu rembugan
supaya Walijo Budi Prayitno nyawiji ing gati maju Caleg DPRD Kabupaten Bantul saka PDI Perjuangan. Pranyata garwane Ibu Weinda Damayanti,S.H lan wis peputra telu  dr.Solikhah Sri Ningsih,MMR.M.HUM,Indah Wijayanti.M.BID,Darmawan nyarujuki apa kang diaturake Wabup Bantul kasebut.

Miturut atur pangandikane Walijo Budi Prayitno, marang pawarta redaksi17.com,rikala ditemoni ana ing acara senam sehat ing plataran Kalurahan Argodadi Dina Setu Wage,30 September 2023 mratelaake,Menawa sawise antuk arahan saka Wabup Bantul Joko Purnomo,tumuli dhaftarake maju Caleg kanthi antuk Nomer Urut:7 sing ateges nomer pitu iku,pituduh,pitulungan kang bakal nggawa barokah lan amanah sing migunani marang masarakat kanthi linandhesan Prasetya “Nyawiji Paseduluran Salawase”

Ewadene kang dadi wigatine anggone maju Calon Wakil Rakyat kanthi gegayuhan utamane,yaiku “Bakal Merjuwangake Masarakat Kanthi Sarwa Prasaja Murih Masarakat Bisa Adil,Makmur,Sejahtera ” mligine masarakat Sedayu,Kasihan.Semono uga masarakat Bantul umume bisa raharja.Awit Bantul kanthi slogan “Praja Tamansari” pancen satuhu nyata.Karana Bantul kang kawentar minangka “Kota Gerabah uga Kota Geplak” duweni papan plesiran(Dhestinasi Wisata)sing kondhang kaloka nganti tumeka jaban rangkah.
Wandene pangajabe,sawise bisa kapilih lan winisuda minangka Anggota DPRD Kabupaten Bantul,antarane bakal ngugemi prasetyane tetep nyawiji,manunggal tetonggalan marang masarakat kanthi sarwa prasaja(Transparan).

Amarga masarakat kang paring swara.Kanggo mujudake gegayuhan sarta pangajabe “Walijo Budi Prayitno” Nyuwun Sih Wilasane Masarakat”ana ing TPS kanthi milih Nomer Urut:7 Gusti Allah SWT ,temahan bakal ngrasakake asile saka perjuwangan kang sejati.Purnane pangandikan Walijo Budi Prayitno lumantar redaksi17.com

Pawarta :Jana/red

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *