Klaten,REDAKSI17.COM – Maju Caleg DPRD Kabupaten Klaten saka Partai Demokrat Dapil II(Manisrenggo,Karangnongko,Kemalang,Prambanan,Jogonalan,Gantiwarno) tumrape H.Darto,S.Pd Caleg Nomer Urut:11 pancen ora tanpa alasan.Amarga saliyane antuk panjurung donga pangestune keluwarga uga antuk panyengkuyunge sakehing warga masarakat sarta maneka kelompok sosial kemasarakatan,maneka kelompok seni budhaya sing ana ing kukuban Manisrenggo,Kemalang,Karangnongko,Jogonalan,Gantiwarno,Prambanan.
H.Darto,S.Pd garwane Ibu Sherafina Muryantini,ST mratelaake marang redaksi17.com,Menawa sadurunge nyawiji manunggal tetonggalan ana Partai Demokrat duweni kaluwihan babagan spiritual (Olah Rasa).Mula ora bisa diselaki maneh,akeh tamu saka jaban rangkah,yaiku ora mung wilayah Klaten wae sing padha sowan,ananging saperlu nyuwun pambiyantune murih panandhang bisa diudhari kanthi becik.Kabisan lan kaluwihan Iki ditindakake wiwit sadurunge ngasta Kepala Sekolah..H.Darto,S.Pd ngasta Kepala Sekolah SMEA Siswajaya saka Taun 1992-1997.tumuli Taun 1997-2009 ngundurke dhiri.Tumuli Pemilu 2009 maju Caleg saka Partai Golkar Dapil 2(Manisrenggo,Kemalang,Karangnongko,Jogonalan,Gantiwarno,Prambanan). kepilih lan winisuda minangka Anggota DPRD Kabupaten Klaten Sawise ngasta dhewan pinaringan amanah minangka Ketua Fraksi Partai Golkar nganti Taun 2014. Sabanjure Pemilu 2014 kepilih maneh nganti tumeka 2019.
Sasuwene rong periodhe njabat minangka Anggota Legislatif,legeslator sing vokal iki tumuli pinaringan amanah , minangka Ketua Komisi 3 lan Ketua Fraksi. Ewadene isih pinercaya minangka Anggota Baleg suwene rong periodhe.
Magepokan karo tugas sing ditindakake,yaiku bidhangi babagan:pembangunan fisik,infrastruktur,kayata:pengaspalan jalan,gedhung,talud lan sapanunggalane.Tandhese klawan pawarta redaksi17.com,rikala diwawancarai ana daleme ing Dhusun Sutomenggalan RT 10,RW 04,Manisrenggo,Klaten dina Selasa Pahing,2 Oktober 2023.
H.Darto,S.Pd,priya kelairan Klaten 5 Januari 1965 ini,klawan pawarta ngandharake anggone maju Bacaleg DPRD Klaten ana ing pesta dhemokrasi kang bakal digelar ana ing Pemilu 2024 lumantar Partai Demokrat ,lewat Daerah Pemilihan II(Manisrenggo,Kemalang,Prambanan,Jogonalan,Karangnongko lan Gantiwarno).Karana sakehing dhukungan saka maneka lapisan masarakat ,jalaran rikala semana isih ngasta duwe jiwa sosial sarta peduli marang masarakat kanthi tansah migatekake masarakat.Pratelane H.Darto,S.Pd kang wis peputra papat,wayah siji iki, bisa mujudake kanthi nyata.
Kanthi sakabehing dhukungan kasebut,Pak Darto asmane akrab saben dinane tumuli ngondhisekake mudhun langsung langsung ana satengahing masarakat ing enem kecamatan murih kondhusif.
Wandene magepokan karo Visi (Gegayuhan) Misi (Pangajab)utamane yaiku kanggo mujudake Klaten luwih maju lan ngrembaka sakabehing bidhang,Kayadene bidhang pemerintahan,bidhang pembangunan fisik,budaya,bidhang perekonomian lan kesejahteraan ,bidhang pariwisata sarta ing bidhang pelestarian budaya lan seni tradhisi supaya bisa dadi ” Central Cultur Of Art ” ing Kabupaten Klaten.
Kanggo memperjuangke aspirasi masarakat khususe ing Dapil II(Manisrenggo,Kemalang,Karangnongko,Prambanan,Jogonalan,Gantiwarno) lan umume ing Kabupaten Klaten umumne amrih bisa kawentar utawa terkenal nganti tumeka mancanegara.Satemah saka asile perjuwangan kang ditindakake,rakyat bakal nikmati asile.
Sadurunge mungkasi pangandikane.H Darto,S.Pd nyuwun dhumateng Masarakat Panjurung Donga Pangestu Sarta Panyengkuyungipun Swanten Wonten Ing TPS, kanthi Nyoblos Caleg Saking Partai Demokrat Kanthi Nomer :11.Gusti Ingkang Murba Jagad,sedayanipun badhe migunani dhumateng sedaya masarakat mliginipun masarakat Manisrenggo,Kemalang,Karangnongko,Jogonalan,Gantiwarno,Prambanan lan masarakat Klaten umumipun bisa makmur sejahtera .Pungkasing pangandikan H.Darto,S.Pd marang pawarta.
Pawarta : Jana/Red