GunungKidul,REDAKSI17.COM – Sumardiyono, minangka salah sijine Lurah kang bisa dadi pangayom,pelindhung,pamomong lan panutan masarakat kang wis ditindakake bebarengan klawan para pamong sarta staf.Satemah masarakat anggone golek layang penting(Persaratan Administrasi) dilayani kanthi prima,lumantar pelayanan satu pintu.Kalurahan Girikarto iku, dumadi saka 8 Padhukuhan,8:RW,37:RT. Wolung Padhukuhan kasebut,antarane:Bedug,Bolang,Dawung,Doplang, Karang,Padem,Pundung,Wiloso.
Miturut sejarah,mula bukane hadeging Kalurahan Girikarto tanggal 22 Mei 1916 utawa 19 Rejeb 1946 ing Taun Je Sinengkelan Karasing Driya Trusing Gusti Mula kanggo mengeti madeging Girikarto, saben tanggal 22 Mei para punggawa praja dalah masarakat anggone mengeti kanthi ngadani upacara adat,kirab jodhang dipanggul dening para bregada.Pengetan kasebut,kayadene rikala tanggal 22 Mei 2023 kepungkur Lurah Sumardiyono sarta para pamong,staf sayeg saekapti mengeti hadeging Kalurahan Girikarto Ka-107 kanyata swasane katon gumyak ,gayeng,regeng.Mahani masarakat sing padha mirsani sinambi padha dodol maneka dolanan bocil,panganan laris manis ditukoni para tamu kang mirsani ,pahargyan agung setaun pisan ana lapangan.Pancen mokal,menawa sajrone acara kang diprakarsani dening Lurah Sumardiyono, antuk kawigatene saka Disbud (Kundha Kebudayaan) Kabupaten Gunungkidul.Dispar,Panewu Panggang sajajarane, Bhabinkamtibmas,Babinsa sarta para tokoh masarakat. Karana ambalwarsa mengefi hadeging Kalurahan Girikarto iku Mujudake Manunggaling Kawula Klawan Gusti. kanthi sinartan bebuden kang becik,kaya sing wis ditindakake sadurunge njabat Lurah,sing ditindakake rikala wiwit isih mudha tumaruna.Pak Lurah Sumardiyono diaturi asmane akrab,Priya kelairan Gunungkidul 29 Mei 1982 kang pidalem ana ing Padhukuhan Doplang RT 02,RW 07 Kalurahan Girikarto,Kapanewon Panggang,Kabupaten Gunungkidul,Yogyakarta.
Miturut atur pangandikane Lurah Sumardiyono marang REDAKSI17.COM rikala disowan lan wawancarai ana ruwang kerjane Dina Selasa Pon,19 September 2023 ngandharake:” Menawa anggone ngasta Lurah wiwit Taun 2021. Wandene tugase minangka pelayan masarakat kang nglayani ,ngayomi,nglindhungi,ngemong masarakat kanthi sawutuhing ati.Kalurahan Girikarto dumadi saka 8 Padhukuhan,8 RW,37 RT iki,pancen klebu Kalurahan Girikarto klebu Kalurahan kang duwe potensi sing tansah njunjung dhuwur budhaya lan seni tradhisi kang adiluhung,awit budhaya jawi minangka cagaking bangsa Indonesia.Kalurahan Girikarto sinebut duwe potensi,jalaran saben Padhukuhan duweni maneka kelompok kesenian tradhisional.Semono uga wargane akeh kang mrodhuksi olahan pangan kanthi migunaake asile tetanduran .Temahan prodhuk unggulan ditindakake bebarengan UMKM murih asile prodhuksi bisa ngundhakake ekonomi rumahtangga saben dinane. Satemah masarakat Girikarto bisa urip kang gemah ripah loh jinawi(GIRILOJI),tata titi tentrem karta raharja(Makmur Sejahtera).Masarakat Girikarto saliyane saka asile saka olah tetanen
uga saka asile mandhu wisata ing kutha Yogyakarta.Pranyata bisa nggawa raharjaning masarakat Girikarto kanthi lancar.Temahan putra putrine warga Girikarto akeh sing nerusake kuliyah ana kutha sarta dadi penjabat ana jaban rangkah sing cacahe ora bisa dietung nganggo driji.Pangandikane Lurah Sumardiyono.
Lurah Sumardiyono ya garwane Ibu Nuryani kang wis pinaringan putra loro iki,uga mratelaake sarana kanggo maju lan ngrembakane Girikarto ana telung prakara sing ora bisa uwal ,kayata:aset(papan wisata),banyu sarta listrik.Jalaran telung bab kasebut yen digatekake kanthi permati bakal tuwuh dhewe. Satemah bisa ngundhakake ekonomine masarakat uga Pendhapatan Asli Kalurahan( PAKal.) mundhak .Karana disebabake saka akehing wisatawan kang padha teka mirsani endahing wisata alam,wisata pantai sing dikelola dening Pokdarwis .Papan plesiran kang wis kamot minangka Sapta Pesona sing ana ing pantai gesing,pantai kesirat,puncak segara,teras kaca lan wokudu pancen bener bener memposona.Apamaneh saben diadani labuhan sedhekah laut,wisatawan dhomestik lan mancanagara sangsaya tambah akeh cacahe sing padha teka
Karana telung prakara kasebut,Pokdharwis kang nglola papan wisata melu ngrasaake asile.Senono uga masarakat sing buka usaha kuliner,oleh oleh bisa antuk pemetu luwih akeh.Ewadene kang magepokan utawa gegayudan karo seni lan gelar budhaya Girikarto duwe maneka kelompok kesenian tradhisional ,antarane;Kethoprak,Karawitan,Jathilan,Reog,Srandhul,Macapatan,Wayang Kulit sarta Hadroh.
Magepokan karo wayang kulit duwe dhalang cilik,Adam,Candra.Semono uga dhalang sepuh uga ana lan wis buntas sakabehane.Dhalang kasebut asmane Ki Karjani Kajaba sakehing kelompok kesenian tradhisional kang dilestareake,nanging uga upacara adat labuh, sedhekah laut,mertidhhusun,rasulan,nyadran,tumpengan lan gotong royong dening para wiranom tetep dilestareake lan dipepetri,pamrihe supaya seni budhaya tetep lestari hanjayeng bawana .Tandhese.
.
Pawarta:Jana/Red





