Home / Politik / Tri Setiawan Pingin Dadi Dewan Kang Prasojo

Tri Setiawan Pingin Dadi Dewan Kang Prasojo

 

Sleman,redaksi 17.com – Nyawiji Manunggal Rasa Murih Raharjane Praja Filosofi Jawa iki tumanem ana sanubarine priya,kang tansah mikirake kahane masarakat.Mligine babagan pendidikan,kesehatan,sosial uga pertanian lan peternakan sing ana ing wilayah Kapanewon Kalasan,Prambanan,Ngemplak.

Amarga mangerteni dhewe,menawa pendhidhikan,kesmas,pertanian sarta peternakan kurang antuk kawigatene punggawa praja.Karana kasebut,ana salah sijine priyayi calon wakil rakyat saka Partai Grerindra ,Dapil 3(Kalasan,Prambanan,Ngemplak)Nomer Urut :9 saben dinane nggiluti dhagang sapi kang ditindake karo ramane
wiwit Taun 2007 nganti seprene.

Kajaba dhagang sapi uga menda lan olah tetanen.Calon Wakil Rakyat iki,asmane Tri Setiawan priya Kelairan Sleman 9 Juni 1985 kang pidalem ana ing Kampung Timbulrejo,Padhukuhan Krodan RT 04,RW 04 Kalurahan Maguwoharjo,Kapanewon Depok,Kabupaten Sleman,Yogyakarta.Semono antuk panjurunge para pengurus DPC Kabupaten Sleman,Pengurus Ranting, lan Anak Ranting sa Dapil 3 sarta para kader supaya maju Calon Wakil Rakyat ana ing Pemilu 2024 sing wektune gari limang sasi maneh Pamrihe supaya lenggah ana kursi dhewan makili Kapanewon Kalasan,Prambanan,Ngemplak.

Pranyata awit kawigatene para kadang pengurus,Tri Setiawan tumuli nindakake jejibahan ngadani sosialisasi nganti tumeka saben RT uga maneka kelompok sosial kemasarakatan,kelompok seni budhaya,kelompok petani peternak,KWT sarta kelompok liyane sing ana ing telung Kapanewon.Miturut pangandikane Tri Setiawan garwane Ririn Wulandari kang wis peputra loro,marang Redaksi 17 com rikala ditemoni ana daleme,mratelaake menawa anggone sumadiya maju,jalaran antuk palapurane masarakat sing ana ing telung Kapanewon mligine pendidikan,kesehatan,perikan,pertanian,peternaka ora digatekake dening wakil rakyat sing wis lungguh kursi legeslatif sadurunge.

Kanthi mangerteni sakehing warga masarakat padha cuwa,rumangsa kagugah atine bakal merjuwangake aspirasine masarakat kanggo Pamarentah Daerah Kabupaten Sleman lan instansi Pamarentah sing ana sambung rapete karo masalah pertanian,peternakan,perikanan,pendhidhikan,seni budhaya.Satemah masarakat bisa makmur,sejahtera lan berbudhaya luhur.Pungkasing pangandikan Tri Setiawan marang pawarta.

Jana/red17

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *