Home / Daerah / Jamin Paryanto : Pamonge Adem Ayem,Wargane Ayem Tentrem Mrih Majune Girisuko

Jamin Paryanto : Pamonge Adem Ayem,Wargane Ayem Tentrem Mrih Majune Girisuko

 

Gunungkidul.REDAKSI17.COM – Pawarta sengaja sowan *Jamin Paryanto* Lurah Girisuko kang pidalem ana ing Padhukuhan Gebang RT 06,RW 09 Kalurahan Girisuko,Kapanewon Panggang,Kabupaten GunungKidul,Yogyakarta. Wandene ancas tujuwane sowan Lurah Girisuko saperlu silaturahim lan wawancara kang magepokan Kalurahan Girisuko sing saiki katon maju sarta ngrembaka sakehing bidhang.
Sawise bisa sabed jagong,tumuli nyuwun pirsa klawan Pak Lurah Jamin Paryanto cara kang ditindakake kanggo majokake Kalurahan Girisuko

Miturut pangandikane Priya Kelairan GunungKidul 02 Februari 1969 “Menawa cara kang ditindakake,yakuwi nyawiji ing cipta,rasa,karsa,jujur lan prasaja marang para pamong sarta masarakat. Karana Lurah minangka abdi masarakat kang bisa ngayomi, nglindhungi lan panutan masarakat sa Kalurahan Girisuko sing dumadi saka 9 Padhukuhan,9RW,46 RT.Wandene sangang Padhukuhan kasebut:Sumber,Turunan,Sanglor I,Sanglor II,Pacar I,Pacar II,Temuireng I,Temuireng II,Gebang.Tandhese

Ewasemana miturut garwane *Ibu Sudaryanti* kang pinaringan putra siji iki,dumadine utawa madeging Kalurahan Girisuko,diwiwiti saka Kepala Desa kang rikala semana dijabat dening *Bekel* antarane:Onggo Drono,Kromo Menggolo,Surorejo,Agus/Pawiro Sukarto.Nanging sawise Tanggal 15 Agustus 1946 Dina Selasa Anggara utawa yen Tanggal Jawa 25 Ruwah 1875 Dina Selasa Wage Kepala Desa diganti dadi Lurah Desa.Mula saben Tangga 15 Agustus dipengeti minangka hadeging Kalurahan Girisuko.
Kayadene rikala tanggal 15 Agustus 2023 telung sasi kepungkur Pak Lurah,BPKal,LPMKal,pamong,staf lan masarakat mengeti Hadeging Kalurahan Girisuko kang Ka-77 kanthi ngadani pentas seni lan gelar budhaya ana sakiwa tengene Kalurahan,lapangan sarta dalan dalan tumuju Girisuko.Ana ing ambalwarsa kasebut kang grengseng,gayeng,regeng dirawuhi para penjabat Pamarentah Kapanewon Panggang sajajarane,Panewu,Danramil,Kapolsek Panggang,Kepsek ,Anggota Dewan Kabupaten GunungKidul,Disbud (Kundha Kebudayaan)GunungKidul sarta masarakat.Pangandikane Lurah Girisuko marang pawarta rikala jemuwah kepungkur.

Gegayudan karo pakaryan sing ditindakake masarakat Girisuko kanggo nyukupi kebutuwan uripe keluwarga saben dinane,yaikuwi lumantar sektor ekonomi prodhuktif.Kayata: Pertanian,Peternakan,Jasa Pelayanan ,UMKM,Lumantar sektor skonomi indhustri(Indhustri Omahan,)Kerajinan kulit sarta ukiran kayu kanthi digawe maneka asesoris.Lumantar sektor pariwisata,warga masarakat Girisuko klawan Pokdharwis nglola papan wisata alam,antarane :Geoforest Watu Payung Turunan,Luweng Kali Gedhe sarta Puncak Segara.Kanthi tememen anggone nglola papan plesiran ,temahan bisa ngundhakake ekonomi rumah tangga kanthi lancar.Ewadene gegayudan karo pelestarian seni budaya,warga masarakat Girisuko kegiyatan gotongriyong(Jerjabhakti) isih lumaku kanthi becik,Semono uga Rasulan(Nyadran),Kendhuren,Tumpengan,Labuhan kanggo para petani bakal miwiti nandur pari,murih sawise ditantur bisa ijo royo royo lan sawise panen asile tumanja Satemah warga masarakat sarta para pamonge padha adhem ,ayem,tentrem.mahani Girisuko gemah ripah loh jinawi.Karana para pamong ,staf sing duwe pelungguh padha ditanduri maneka warna tanduran kang ngasilake wuluwetu..Dene maneka kesenian tradhisi sing isih tetep dilestarekake masarakat Girisuko.Kayadene:,Thoklik,Reyog,Jathilan,Wayang Kulit,Kethoprak,Karawitan,Macapatan .Kajaba kuwi uga kesenian Hadroh padha ditindakake para bapak bapak,ibu ibu sarta wiranom.Kanthi nglestarekake seni budhaya tradhisi murih bisa tumangkar nganti tumeka anak putu.Tandhese.

Ewadene kang dadi gegayuhan sarta pangajabe Lurah Girisuko “Jamin Paryanto” ‘ Kalurahan Girisuko kang saiki sinebut Kalurahan Rintisan Budhaya ing Taun sacandhake bisa dadi Kalurahan Budhaya.Amarga yen antuk kekancingan saka Kundha Kebudayaan minangka Kalurahan Budhaya,Kalurahan Girisuko bisa sangsaya kawentar nganti tumeka jaban rangkah.Jalaran samangsane ngadani gelar budhaya,kayadene rikala mengeti Hadeging Kalurahan Girisuko kepungkur ra bakal migunaake dhana swadhaya masarakat maneh.Pungkasing pangandikan Jamin Paryanto Lurah Girisuko marang redaksi17.com

Pawarta : Jana/Red

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *