Home / Politik / Agustinus Sulistyo Jati,S.Psi : Migunani Tumraping Masyarakat Sedayu Kasihan

Agustinus Sulistyo Jati,S.Psi : Migunani Tumraping Masyarakat Sedayu Kasihan

 

Bantul.REDAKSI17.COM – Setu Pahing,28 Oktober 2023 “Pawarta”sengaja Sanja Desa tumuju ana wewengkon Kapanewon Sedayu,Kabupaten Bantul saperlu sowan silaturahim sekalihan wawancara marang Agustinus Sulistyo Jati,S.Psi kang magepokan anggone maju Calon Anggota Legeslatif DPRD Kabupaten Bantul Nomer Urut:4 ana ing Pemilu 2024 sing bakal digelar tanggal 14 Februari 2024 patang wulan maneh suwene.

Sawise bisa sabet jagong klawan putra kelorone saka swarga Sarwanto” Klawan Swargi Siti Maryani Swarga Bapak Sarwanto rikala sugenge ngasta Lurah Desa Argorejo,Sedayu Wiwit 1982-1995.Awit mangerteni tugas kang ditindakake swarga ramane,minangka abdi masyarakat sing tansah ngayomi,nglindhungi,panutan lan pamomong masyarakat kanthi tulusing ati.
Karana anggone pepanggihan wis sauntara,Pawarta redaksi17.com tumuli nyuwun pirsa marang Agustinus Sulistyo Jati,S.Psi ana daleme ing Padhukuhan Semampir RT 05 Kalurahan Argorejo,Kapanewon Sedayu,Kabupaten Bantul,Yogyakarta.

Miturut pratelane lulusan Fakultas Psikologi Universitas Mercu Buana Yogyakarta,”Menawa anggone duwe krentek ambyur ana donyaning politik,karana panggilan nurani ,pingin ngabdikan dhiri lumantar partai politik. . Wandene partai politik kang cocok ana sanubari ,yaiku PDI Perjuangan kang dipandhegani dening “Hj Megawati Soekarno Putri.Sawise kaleksanan nyawiji ana PDI Perjuangan,tumuli pinaringan amanah minangka Pengurus Ranting Kalurahan Argorejo suwene limang taun.Sabanjure dening Pengurus DPC Kabupaten Bantul pinaringan amanah minangka Pengurus PAC PDI Perjuangan Kapanewon Sedayu.Pratelane Agustinus Sulistyo Jati,S.Psi.

Agustinus Sulistyo Jati,S.Psi utawa diaturi “Mas Tinus”asmane akrab,Priya kelairan Bantul,3 September 1974 Iki,pancen kadher militan sing sayekti.Temahan bisa rumaket anggone kekadangan marang para anggota dhewan Kabupaten,Provinsi sarta dhewan pusat.Kayadene Dhewan Kabupaten saka Dapil 6(Sedayu,Kasihan) Timbul Harjana.Dhewan Provinsi Joko Purnomo kang saiki njabat Wabup Bantul ,Ndari.Dhewan Pusat Drs.H.Idham Samawi.Karana wis manunggal sajoga marang para anggota dhewan ,mahani kerep ngawal aspirasine masyarakat Sedayu,Kasihan ana ing Pemkab Bantul lan Pemda DIY nganti kasil.

Lumantar sakehing pengalaman ngampingi,ngawal sarta merjuwangake aspirasine masyarakat,Mas Tinus anggone maju Calon Anggota Legestif kanthi semboyan utawa motto,yaiku “Migunani Tumraping Masyarakat Sedayu,Kasihan”murih masyarakat bisa “Urip Adil Makmur Sejahtera ”
Ewadene program kerja kang ditindakake limang taun sacandhake sawise winisuda minangka Anggota Dhewan Bantul Taun 2024-2029 yakuwi nerusake program kerjane sing ditindake dening Swargi Timbul Harjana rikala isih njabat Anggota Dhewan Bantul suwene telung periodhe akeh nggawa kemajuwan lan ngrembaka sakabehing sektor wis dirasakake masyarakat Sedayu ,Kasihan.Murih Sedayu,Kasihan sangsaya tambah maju starta ngrembaka,program kerja kasebut,bakal ditindakake bebarengan klawan masyarakat kanthi linandhesan budhaya jawi kang ora uwal saka norma,adat istiadat,tatakrama(Budipekerti Luhur).Mula kanthi Manunggaling cipta,rasa,karsa,karya Iki khususe masyarakat Sedayu,Kasihan bakal sangsaya makmur sejahtera.Semono uga masyarakat Bantul umume bakal saya raharja.Murih gegayuhan lan pangajabe bisa dadi kasunyatan,Agustinus Sulistyo Jati,S.Psi “Nyuwun Panjurung Donga Pangestu Sarta Panyengkuyungipun Swanten Dhumateng Masyarakat Sedayu,Kasihan” kanthi Nyoblos No:4.Gusti Allah paring ijabah Saget Nyejahteraake Dapil 6.Tandhese.

Pawarta: Jana/Red

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *