Home / Politik / Dalono,Bakal Mujudake Masyarakat Klaten Kang Sejahtera

Dalono,Bakal Mujudake Masyarakat Klaten Kang Sejahtera

 

Klaten,REDAKSI17.COM – Kemis Pahing,28 September 2023 redaksi17.com sengaja sowan ana papan usahane DALONO ” Toko Material lan Bahan Bangunan Moro Dadi ” kang mapan ana ing Jl.Manisrenggo,Dengok,Prambanan,Klaten,Jawa Tengah.

Sawise bisa pepanggihan,kanyata piyayine grapyak semanak,sarwa prasaja uga santun anggone atur pangandikan marang sapa wae.
Dalono putra asli kelairan Klaten 15 Desember 1964 kang pidalem ana ing Ngemplak Seneng RT 07,Ngemplak Seneng,Kecamatan Manisrenggo,Kabupaten Klaten,Provinsi Jawa Tengah.

Pak Dalono,asmane asmane akrab rikala disowani pawarta disowani lan diwawancarai ana papan usahane ngandharake : “Menawa sadurunge ngasta dhewan DPRD Kabupaten Klaten,ngasta minangka Kepala Desa Ngemplak Seneng,Kecamatan Manisrenggo” nganti kaping pindho(rong periodhe).Sepisan 1992-2000.Kapindho 2000-2006.Sasuwene rong periodhe njabat Kades ,wis mujudakake bukti pengabdiyane marang masarakat bisa dipertanggung jawabake kanthi becik.Apamaneh Ibu Parmi minangka Ketua penggerak PKK anggone ngampingi tugas garwane minangka pamangku praja ora kendhat nindakake pepanggihan klawan para ibu PKK Padhukuhan,Dasawisma,kadher gizi sarta maneka kegiyatan ibu ibu sing ana ing wewengkon Desa Ngemplak Seneng ditindakake sayek saekapti.Temahan Desa Ngemplak Ngasem bisa sangsaya maju,ngrembaka kanthi becik.

Ewasemana uga akeh nggawa perubahan sakehing bidhhang.Mligine babagan pamarentahan,perekonomian lan kesejahteraan sosial, pembangunan fisik,infrastruktur wis bisa warata nganti saben Padhukuhan.

Karana pengalaman kang ditindakake sasuwene ngasta Kepala Desa Ngemplak Seneng bisa kawentar nganti jaban rangkah.Satemah masarakat aweh njurung lan nyengkuyung supaya ana ing Pemilu 2019 maju Caleg DPRD Kabupaten Klaten.Awit mangerteni panyengkuyunge masarakat tanpa upama,Pak Dalono kang wus peputra telu iki,tumuli maju lumantar Partai Golkar saka Dapil 2(Manisrenggo,Kemalang,Karangnongko,Jogonalan,Gantiwarno,Prambanan) bisa kepilih lan winisuda minangka anggota dhewan Klaten Taun 2019-2024( nganti seprene).

Wandene sawise ngasta anggota legislatif lenggah ana Komisi 3,yaiku minangka salah sawijine kang mbidhangi( magepokan) karo sosial budhaya sarta bidhang bidhang liyane kang ana gegayudane karo komisi 3.Ewasemana ana ing fraksi ,pinaringan amanah minangka Ketua Fraksi.Awit Pemilu 2024 limang sasi maneh utawa tepate tanggal 14:Februari 2024 Dalono sing uga ngasta pengurus struktural DPD Partai Golkar Kabupaten Klaten melu maju Caleg kanthi Nomer Urut : 2 lumantar dapil sadurunge,yaiku Dapil 2(Manisrenggo,Kemalang,Karangnongko,Jogonalan,Gantiwarno,Prambanan).

Ewadene gegayuhan (Visi)ne anggone maju, bakal mujudake masarakat mligine ing dapile bisa urip makmur sejahtera bisa warata nganti nenem kecamatan sarta masarakat Klaten umume.Nanging yen pangajabe (Misi)antarane,bakal merjuwangake aspirasine masarakat enem kecamatan,marang Pemkab Klaten lan Dinas Pamarentah sing ana sambung rapete karo: Pamarentahan,Perekonomian lan kesejahteraan sosial masarakat,pembangunan,pendhidhikan,kesehatan sarta bidhang liyane nganti rampung.

Pamrihe masarakat supaya luwih tumata kanthi becik.Kanggo mujudake masarakat Klaten umume lan masarakat nyuwun panjurung donga pangestu sarta panyengkuyunge masarakat Gusti Allah SWT paring ijabah,bakal amanah dhumateng kawula dasih.Mila kanthi andhap asoripun manah nyuwun sihing masarakat supados milih
Nomer: 2 badhe migunani sedaya masarakat.

Pawarta : Jana/Red

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *