Home / Politik / Dodi Purnomo Jati SE,MAP : Niat Ingsung Ngabdi Dumateng Masyarakat

Dodi Purnomo Jati SE,MAP : Niat Ingsung Ngabdi Dumateng Masyarakat

 

Bantul,REDAKSI17.COM – Selasa Pon,7 November 2023 Pawarta sengaja sowan marang salah sijine piyayi kang pidalem ana ing Dk 1Srandakan, Trimurti,Srandakan,Bantul,Yogyakarta.Wandene piyayi kasebut asmane DODI PURNOMO JATI,S.E,M.A.PPriya lairan Bantul,23 Oktober 1985.

Miturut katerangane Mas Dodi asmane akrab,marang Pawarta ngandharake “Menawa ana ing organisasi partai politik,mligine “PDI Perjuangan”pinaringan amanah minangka Ketua PAC PDI Perjuangan Kapanewon Srandakan Wiwit 2020-2025.Ing Taun 2020 wis bisa nunjukake pengabdiyane marang masyarakat kanthi becik lan lancar,yaiku kanthi ngimpun para budhayawan,seniman sarta migatekake kegiyatan upacara adat “Merti Dhusun ” sing ana ing wewengkon Poncosari lan Trimurti .Pranyata sawise kawilang cacahe ana 18 termasuk Kelompok Band kanthi diupiyakake Danais muring kagiyaran bisa lumaku Pangandikane Mas Dodi.

Gegayudan karo danais sing saiki wis dirasakake warga masyarakat Se DIY,awit saka perjuangan Fraksi PDI Perjuangan rikala Presidene Soesilo Bambang Yudhoyono supaya UU Keistimewaan Yogyakarta tumuli enggal mudhun.Kanyata saka kukuhe para politisi saka PDIP sarta partai liyane.Satemah Undang Undang Keistimewaan Yogyakarta Nomer :13 Taun 2012 nganti seprene gawe mongkokke para pelaku budhaya.Temahan jumbuh karo sejarah Proklamasi Kemerdhekaan RI ,Tanggal 17 Agustus 1945 dening Proklamator Ir.Soekarno utawa Bung Karno sawise merdhika ora ana anggaran sithik sithika.Nanging dening Sri Sultan Hamengku Buwono IX tumuli maringi dana marang Bung Karno sing cacahe akeh,supaya kanggo ngatur Pamarentahan RI.Kanthi linandhesan sejarah kasebut ,danais tetep lumaku kanthi sayekti.

Karana sejarah Kamardikan RI,minangka mula bukane Dhanais ,Dodi Purnomo Jati anggone merjuwangake masyarakat kanthi sawutuhing ati.

Satemah Joko Purnomo Ketua DPC PDI Perjuangan Kabupaten Bantul uga Wakil Bupati Kabupaten Bantul paring amanah marang garwane Ibu Lurida Zinta Septiana,S.Pd supaya maju Calon Anggota DPRD Kabupaten Bantul ing Pemilu 2024 sing bakal digelar tanggal 14: Februari 2024.telung sasi maneh.Karana amanah kasebut,Mas Dodi Purnomo Jati kang uga ngasta minangka Bendhahara Badhan Penanggulangan Bencana (BAGUNA)DPC PDIP Kabupaten Bantul.Rikala Pandhemi Virus Corona-19 Mas Dodi swiga ing gati,swiga ing giri tumuli terjun langsung nangani masyarakat sing kena dhampak corona.Kajaba kuwi,uga maringi tali asih awujud sembako,penyemprotan desinfektan sarta nyawisake mobil Ambulan kanggo kontrol lsp.

Pranyata Mas Dodi Purnomo Jati sing duwe pribadi becik,jiwa sosial sarta peduli marang sakehing masyarakat, sawise tinetepake dening KPUD Bantul antuk Nomer: 2
Magepokan sawise kapacak ana DCT,Mas Dodi duwe krenteg kanthi Visi lan Misi yaiku Bakal Mujudake wewengkon Srandakan,Sanden,Pandak,Pajangan bisa makmur ,sejahtera sarta tansah ngagungake budhaya adiluhung supaya tetep lestari
Visi Mujudake wewengkon Trimurti,Poncosari lumantar sektor ekonomi prodhuktif( Pertanian,Peternakan,Perikanan ),KWT,UMKM murih bisa ngundhakake ekonomi masyarakat kanthi becik.

Ewadene Misine,antarane:migatekake pembangunan fisik,infrastruktur.Kayadene :Talud,Cor Blok ,Lampu Penerangan ana ing saben Dhusun.Pamrihe warga masyarakat Trimurti,Poncosari sing akeh akehe olah tetanen bisa luwih lancar ngupiya boga sangsaya lancar samudayane.Mengkono kang dadi kawigatene Dodi Purnomo Jati,S.E,M.A.P Caleg No:2 saka Dapil 5(Srandakan ,Sanden,Pandak ,Pajangan) marang Pawarta.Mula supaya bisa kawujud kanthi nyata,Nyuwun Panjurung Donga Pangestu Sarta Panyengkuyungipun Swanten Dhumateng Masyarakat Sa Dapil 5.kanthi nyoblos No:2

Pawarta : Jana/Red

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *