Sleman,REDAKSI17.COM – Kemis Kliwon,21 September 2023 tumuju ana Warung Bakmi Bu Krido Jl.Kaliurang KM,10,5 Gadingan,Sinduharjo,Ngaglik Sleman,Yogyakarta saperlu manggihi marang salah sijine Calon Anggota Legeslatif DPRD DIY Nomer Urut : 1.Wandene Calon saka PDI Perjuangan Dapil Sleman Lor utawa Yogyakarta 6(Tempel,Turi,Sleman,Pakem,Cangkringan,Ngaglik,Kalasan,Prambanan,Ngemplak) sing saiki isih ngasta ana Komisi D.
Calon Anggota Legeslatif kasebut asmane Dra.Rita Nurmastuti,M.Pd wanita lairan Sleman,20 Juni 1959 kang pidalem ana ing Padhukuhan Gadingan RT 003/008 Kalurahan Sinduharjo,Kapanewon Ngaglik,Kabupaten Sleman,Yogyakarta.Sawise bisa pepanggihan, redaksi17.com tumuli nyuwun pirsa mula bukane bisa lenggah ana DPRD DIY.
Miturut pangandikane Dra.Rita Nurmastuti,M.Pd utawa diaturi Ibu Rita asmane akrab iki,marang pawarta ngandharake Menawa sadurunge njabat dhewan “Kula lulusan SMAN 3 Padmanaba Yogyakarta,lajeng kuliyah wonten IKIP Karangmalang Yogyakarta ngantos lulus sarjana mudha.Sasampunipun lulus sarjana mudha,tumuli kuliyah S1nipun wonten Jakarta sinambi ngasta PNS minangka guru ingkang mucal matematika dangune 28 taun.Selami 28 taun mucal matematika wonten ing SMA Negeri lan Swasta Jakarta.Nanging pitung taun pungkasan pinaringan amanah minangka Kepala Sekolah. pitung taun ana ngasta Kepala Sekolah.Sepisan Taun 2012-2014 SMAN 7 Bendungan Hilir Jakarta Pusat,.Kapindho Taun 2015-2016 ing SMAN 105 Jakarta Timur.Katelu(Pungkasan) Taun 2016 -2018 diangkat Kepala Sekolah SMAN 70 Bulungan Jakarta Selatan.Kang kaping patbelas dipimpin wanita.Jalaran sadurunge para Kepala Sekolah,diasta kaum pria. SMAN 70,yaiku siji sijine sekolahan sing paling faforit(terkenal)ana wilayah Jakarta.Supaya sekolah sing dipimpin bisa mujudake swasana adhem, tentrem ora ana tawuran karo sekolahan liya,Ibu Dra.Rita Nurmastuti,M.Pd bebarengan klawan para guru,wong tuwa murid, Polres,Polsek murih swasana tentrem.
Karana antuk dhawuh saka Sekjen DPP PDI Perjuangan Hasto Kristiyanto sing uga isih adhik kandhung Bu Rita Nurmastuti sing kaping wolu,supaya nerusake ngabdi masarakat lumantar partai politik PDI-P .Manerteni antuk panjurung saka Hastoto Sekjen DPP PDIP,tumuli Taun 2018 ngajokake pensiun dhini,tumuli kundur ana daleme Gadingan,Sinduharjo,Sleman.Udakara pitung wulan suwene dhaftarake calon wakil rakyat saka Dapil Sleman Lor utawa Yogyakarta 6,antarane :Sleman,Turi,Tempel,Ngaglik,,Cangkringan,Pakem,,Kalasan,Prambanan,Ngemplak) sinambi nindakake sosialisasi ana ing saben Kapanewon nganti kemput.Tandhese.
Pranyata kanthi sigrak,cancut gumregut,sayek saekakapfi,sengkut kang ditindake bebarengan klawan para kadher,jajaran pengurus DPC,PAC,Ranting,Anak Ranting sarta relawan kanthi warata.Satemah sawise etungan swara, mahanani ana ing Pemilu 2019 bisa kepilih lan winisuda minangka anggota DPRD DIY Periodhe 2019-2024.Sawise kaleksanan ngasta dhewan,Bu Rita pinaringan amanah minangka Wakil Ketua Badan Kehormatan,Anggota Bamus.Kajaba iku uga sinampiran ana pundhake minangka Bendhahara DPD PDI Perjuangan DIY sarta,Anggota Komisi D,yaiku salah sawijine komisi kang magepokan babagan :pendhidhikan,sosial,budhaya,ketenaga kerjaan,kesehatan ,Pemberdayaan perempuan lan perlindhungan anak uga gerakan masarakat liyane wanita.Kanyata ana ing komisi D,jumbuh karo pakaryan sing ditindakake rikala isih ngasta guru.
Gegayudan ana ing Pemilu 2024 limang wulan maneh Dra.Rita Nurmastuti,M.Pd Calon Wakil Rakyat Nomer : 1 duwe gegayuhan lan pangajab yaiku bakal nerusake perjuwangan nglayani masarakat kang jumbuh karo bidhange nganti bisa warata sangang Kapanewon,jalaran telung taun suwene mandhek karana pandhemi Covid-19.Amarga kahanane saiki wis aman,tentrem budhaya bakal ora kendhat talimurda tetep lumaku kanthi lancar,becik sarta istimewa kayadene jeneng Dhaerah Istimewa Yogyakarta sing minangka punjere bangsa Indonesia kang maju sarta ngrembaka.Lumantar Budhaya Lestarine Nusa Bangsa.Pungkasing pangandikan Calon Wakil Rakyat DPRD DIY No : 1 marang pawarta.
.
Pawarta : Jana/Red