Bantul.REDAKSI17.COM – Pesta demokrasi sing diadani saben limang taun sepisan,lumantar Pemilu kang digelar tanggal 14 Februari 2024 watara patang sasi maneh suwene.Pemilu iki digelar,yaiku milih calon wakil rakyat kang lungguh ana DPRD Kabupaten/Kota.DPRD Provinsi.DPR RI.DPD RI sarta Presiden lan Wakil Presiden RI kanthi cara Luber(Langsung Umum Bebas Rahasia).
Gegayudan karo Pemilu 2024,ana salah sijine kadher Partai Golkar Kabupaten Bantul lan uga njabat minangka “Wakil Ketua Bidhang Lingkungan Hidup” duwe krentek maju Calon Legeslatif DPRD DIY saka Dapil Yogyakarta 3(Sanden,Srandakan,Pandak,Pajangan,Sedayu,Kasihan,Sewon,Bantul)Nomer Urut :4.Wandene asmane caleg kasebut “Drs.Jamal Sarwana utawa “Pak Jamal asmane akrab,Priya lairan Bantul,28 Mei 1962
Pak Jamal uga abdidalem Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat kanthi pinaringan asma “Mas Riya Dwija Hadisarjiwa”,rikala ditemoni lan diwawancarai “Pawarta Red” ana Gedhung Olahraga Celan Dina Setu Pahing,28 Oktober 2023 ngepasi sadurunge badminton ngandharake:”Menawa sadurunge maju Caleg,ngasta ASN ana DIKSPORA suwene 34 Taun sing diwiwiti saka Guru,Wakasek SMA Sewon, Kepsek SMA pajangan ,Kepsek SMA Pundong sarta Kepsek SMA Jetis nganti purna tugas.
Ewasemana sasuwene lan sapurnane dhines,garwane “Ibu Dwi Ratna ” kang wus peputra loro ,wayah loro uga sengkut ambyur ana maneka organisasi kemasarakatan sarta parpol.Kayata :KNPI,Pemudha Pancsila,DPC LPMK.Pengurus KONI Bantul. Trimurti uga organisasi liyane sing ora bisa dietung cacahe.Ya awit saka sakehing organisasi diesuhi,warga masarakat padha aweh panjurung supaya maju Caleg.Semono uga garwa,putra ,wayah nyarujuki nggone maju nyaleg,murih warga Tengahan RT 88 ,Trimurti ,Srandakan ana ngasta ana dhewan DIY Karana mangerteni akehe panjurung sarta panyengkuyunge masarakat tanpa upama Jamal tumuli nindakake sosialisasi ana wolung Kapanewon kanthi tapis.Tuture.
Magepokan anggone maju Caleg,ana ing pesta dhemokrasi iki,bisa kepilih lan winisuda minangka Anggota DPRD DIY Taun 2024-2029 kanthi program kerja limang taun sacandhake kang bakal ditindakake,yaiku Bakal merjuwange masarakat makmur,sejahtera sarta mujudake DIY kang minangka kota pelajar,mligine SMA/SMK sarta pawiyatan liyane kanthi wragat murah.Mligjne wolung Kapanewon sing diwakili lan masarakat sa DIY umume.Semono gayut karo budhaya gotongroyong(Kerjabakti)bakal diuripke maneh,amrih ora cures nganti tumeka anak putu.Pungkase.
Pawarta: Jana/Red