Sleman.REDAKSI17.COM – Pancen ora bisa diselaki maneh,marang salah sijine piyayi kang saben dinane nggiluti bengkel pengecetan mobil sing ditindakake wiwit durung palakrama.Jalaran usaha sawise lulus STM tumuli nerusake usaha kang dirintis ramane.Piyayi kasebut asmane “Handri Kriswanta” kang pidalem ana ing Garan Denokan RT 05,RW 02 Kalurahan Maguwoharjo,Kapanewon Depok,Kabupaten Sleman,Yogyakarta.
Handri Kriswanta utawa diaturi “Mas Handri” asmane akrab,Priya kelairan Sleman,11 Januari 1974 Iki,minangka sawijine kadher militan Partai Hanura kang satuhu klawan Partai Hanura ana Kabupaten Sleman,pamrihe bisa luwih ngrembaka kanthi lancar.Awit perjuwangan lan kerja kerase,mahanani para wiranom padha ambyur ana ing politik.
Handri Kriswanta rikala ditemoni lan diwawancarI Pawarta Red.17Com dina Senin Pahing (23/10/2024.ngandharake anggone maju Calon Anggota DPRD Sleman ana ing Pemilu 2024 patang sasi maneh.Tepate tanggal 14 Februari 2024.
Miturut garwane “Ibu Sulistiyana Dewi” lan bapak kang wis peputra telu iki marang pawarta mratelaake”Sadurunge dadi kadher Partai Hanura minangka anggota Kosgoro ing Kabupaten Sleman.Nanging sawise mangerteni visi,misine Partai Hanura becik kanggo sarana merjuwangake masyarakat,temahan dening “Awang Hidayat” Ketua DPC Partai Hanura Kabupaten Sleman pinaringan amanah minangka Wakil Ketua uga supaya melu maju Calon Anggota Legeslatif .Arahan saka Ketua DPC kasebut,Handri Kriswanta sumadiya kanthi senenging ati.Kanyata sawise tinetepake antuk Nomer Urut:1.
Karana wus terang terwaca minangka caleg makili Dapil 4(Depok,Berbah) tumuli ngadani pepanggihan sosialisasi klawan warga Depok,Berbah kang gayud Karo masalah pertanian,peternakan,perikanan ,pendhidhikan,kesehatan sarta babagan budhaya lan seni tradhisi kang diaturake masyarakat minangka visi,misine .Amarga mumpung Isih ana wektu kang lodhang uga becik kanggo merjuwangake aspirasine masyarakat kang bakal diajokake ana eksekutif (Pemda Sleman) uga instansi pamarentah sing ana sambung rapete karo kebutuwane masyarakat Depok,Berbah.Murih bisa mujudake klawan masyarakat,*Handri Kriswanta Nyuwun Panjurung Donga Pangestu Sarta Panyengkuyunge Masyarakat* kanthi Nyoblos No:1 Gusti Allah SWT bakal gawe raharjane masyarakat.
Mumpung Isih ana wektu kanggo nandur kabecikan marang masyarakat bakal ditindakake kanthi sawutuhing ati nurani kang lumebu ana telenging ati.amrih masarakat sawise diperjuwangake bisa urip,adil,makmur lan sejahtera utawa Gemah Ripah Loh Jinawi perjuwangane duweni arti kang agung .Pungkase.
Pawarta :Jana/Red