Home / Politik / Ign Ganjar Tri Hantoro, Perjuangke Aspirasi Masyarakat Murih Sejahtera

Ign Ganjar Tri Hantoro, Perjuangke Aspirasi Masyarakat Murih Sejahtera

 

Sleman,REDAKSI 17.COM – Maju Calon Anggota Legislatif DPRD DIY saka Partai NasDem,Dapil Sleman Utara(Yogyakarta 6) Nomer : 4 ana ing Pemilu 2024 tumrape Ign Ganjar Tri Hantoro pancen ora tanpa alasan.

Amarga saliyane antuk panjurung keluwargane,uga panyengkuyunge masarakat sarta maneka kelompok sosial kemasarakatan lan seni budhaya sing ana ing sangang Kapanewon,antarane Tempel,Turi,Sleman,Cangkringan,Pakem,Ngaglik,Kalasan,Prambanan,Ngemplak.Kajaba kui uga duweni maneka pengalaman anggone makarya,pengalaman ana ing organisasi keagamaan sarta ana ing organisasi partai politik.Pengalaman makarya,antarane:.Taun 2017 makarya ana:ing PT CNEC minangka Project Manager.Taun 2018 makarya ana Fors Fostis Indonesia,minangka Branch Manager Yogyakarta lan Taun 2020 nganti seprene minangka owner ana PT.CIPTAGATI.

Ewadene pengalaman ana ing organisasi keagamaan,kayata Taun 2023 Ketua Satering Comite Rapimnas Pemudha Katolik Pekanbaru,Riau.Taun 2016 Sekretaris Satering Comite Rakernas Pemudha Katolik Lamandau,Kalimantan Tengah.Taun 2010-2015 Sekretaris Forum Pemudha Kerukunan Umat Beragama.Mitra Keuskupan Agung.Taun 2010 Koordhinator Relawan Posko Somo Erupsi Merapi.Taun 2009 minangka Ketua Panitia Seminar “Pemimping Kang Nglayani” Tandhese.

Ewasemana yen magepokan babagan pengalaman ambyur ana ing organisasi partai politik,miturut atur pangandikane Mas Ganjar asmane akrab,Priya kelairan Sleman 30 Juli 1988 kang pidalem ana ing Sariharjo,Ngaglik,Sleman,Yogyakarta iki,marang redaksi17.com ngandharake, Menawa anggone ambyur ana ing politik, diwiwiti saka Taun 2009-2012.2012-2015 Ketua Pemudha Katolik Komdha DIY. Taun 2009-2015 Anggota MPI KNPI DPD DIY.Taun 2015-2018 Sekretaris Pendhampingan Kadher Pengurus Pusat Pemudha Katolik.Taun 2015-2018 Wakil Sekretaris Jendral Bidhang Kadherisasi Pengurus Pemudha Katolik Taun 2018-2021 Wakil Sekretaris Jendral Bidhang Kadherisasi Pengurus Pemudha Katolik.Taun 2021-2024 Ketua Bidhang Sosial lan Tanggap Bencana Pengurus Pusat Pemudha Katolik. Sekretaris DPW Partai Perindo D.I.Yogyakarta.Karana saka sakehing pengalaman sing wis sinampiran ana pundhake.Satemah duweni krentek bakal maju ana ing Pemilu 2024 sing wektune gari limang sasi maneh.Pranyata dadi kasunyatan bisa maju lumantar Partai NasDem Pangandikane Ganjar marang redaksi17.com
dina Setu Pon,23 September 2023

Wandene Ign Ganjar Tri Hantoro anggone maju Caleg,yaiku ana telung prakara.Kayata pendhidhikan,ekonomi lan budhaya sing ana ing wilayah Sleman Lor.Jalaran akeh wiranom wiranom sing lulusan SMA ora padha nerusake kuliyah ,apa merga ora ana wragat utawa ora ana kawigatene saka wong tuwane/pamangku praja saka Kalurahan,Kapanewon utawa Pemkab Sleman.Satemah akeh lulusan SMA tanpa linandhesan budhaya tumuli akeh kang padha nganggur.Nanging malah uga ana seneng gawe wisuna kanthi tumindak culika nerak saka pranatan hukum sing lumaku ana Indonesia.Mula kang dadi gegayuhan lan pangajabe Mas Ganjar Tri Hantoro ,yaiku bakal berjuwang keras kanggo bisa mujudake masarakat Sleman Lor,mligine pendhidhikan bisa dirasaake para wiranom bisa nerusake nganti rampung kuliyah murih masarakat bisa padha pinter uga uripe sejahtera.Bakal ngampu aspirasine masarakat kang diajokake ana ing Pamarentah Dhaerah DIY kang ana gegayudane karo pendhidhikan,sosial,ekonomi,kesehatan sarta bidhang liyane.

Amrih gegayuhan,pangajabe bisa kawujud,Mas Ganjar Nyuwun Panjurung Donga Pangestu Sarta Panyengkunge Swara Kanthi Nyoblos No : 4 Bakal amanah kanggo masarakat.

Pawarta : Jana/red17.com

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *