Sleman,redaksi17.com – Minggu Legi,17 September 2023 Redaksi 17 Com sengaja sowan ana daleme salah sijine calon wakil rakyat DPRD Sleman saka Partai Gerindra Nomer Urut:3 Dapil 3(Ngemplak,Kalasan,Prambanan) kang klebu isih mudha tumaruna (wiranom).Ewasemana uwis kebak pengalaman sakehing organisasi(Paguyuban) sing ditindakake wiwit isih SMA.Wandene wiranom kasebut asmane Joni Prasetyo,S.Psi kang pidalem ana ing Jln.Elang Jawa No:10 Karangsari,Wedomartani,Ngemplak,Sleman,Yogyakarta.Kanyata sawise ketemu lan bisa sabed jagong piyayine ramah,grapyak semanak sarta santun pangandikane.
Joni Prasetyo,S.Psi utawa diaturi Mas Joni asmane akrab Priya kelairan Sleman,09 Juni 1994 iki, marang redaksi17.com ngandharake pengalaman pribadine rikala isih SMA wis tau dibully(dikrenah/paeka)dadi korban klithih uga tau dadi konselor sebayane kanggo kanca kanca ing sekolahan.Pratelane Joni.
Pranyata saka pengalaman sing dialami dening Mas Joni Prasetyo,temahan Taun 2017-2020 pinaringan amanah minangka Ketua Forum Generasi Berencana Daerah Istimewa Yogyakarta.Kajaba kuwi ora mung ana ing tingkat Provinsi,pranyata Joni uga dadi Pengurus Pusat GENRE INDONESIA.
Mulabukane Joni Prasetyo,S.Psi kiprah saka pangangen angene ngowahi panemune para remaja ing Kapanewon(Kecamatan)Ngemplak ana ing Taun 2013-2016 rikala njabat Ketua Pusat Informasi lan Konseling Remaja Ngemplak.
Dene ana ing Taun 2013 yen ngelingi lelakon sing dialami dening siswi SMK warga Ngemplak,kang diperjaya ,diperkosa lan diobong nganti tumeka patine.Awit saka perkara (Masalah )pidana kasebut sing bener bener nyata nglanggar hukum,Mas Joni sarta para wiranom tumuli tumindak kanthi bentuk Pusat Informasi Lan Konseling Remaja Kecamatan(Kapanewon)Ngemplak kang tujuwane,yaitu kanggo madhai para remaja supaya remaja ora bisa kena perkara hukum.Kayadene kenakalan remaja,seks bebas,pernikahan dhini lan nggunaake Napza.Tandhese.
Karana kiprahe Joni Prasetyo kasebut murwat ,ing Taun 2019 antuk Penghargaan Lan Pangaji Aji saka Badhan Kependhudhukan Lan Keluarga Berencana Nasional(BKKBN RI) minangka Inspirative Movement Voice Your Right Penghargaan kasebut diparingake kanggo remaja kang duweni pengaruh marang remaja liyane kang ana sambung rapete karo kegiyatan advokasi.Satemah bisa mengaruhi kebijakan dhaerah.
Wektu iki Mas Joni duwe PIK REMAJA binaan ana maneka sekolahan lan masarakat.Salah sijine sekolahan binaan,yaiku SMP Negeri 1 Turi.Atur pangandikane putra kaeneme Swargi Bapak Sukarman Kalayan Ibu Astilah
Ewadene gegayudan anggone maju calon wakil rakyat,miturut lulusan Universitas Mercu Buana Yogyakarta, kang saiki ngrampungake S2 ana ing UNY Fakultas Teknik Jurusan Pendhidhikan Kesejahteraan Keluarga, Menawa anggone maju,karana disuwun cara aris dening para pengurus struktural,DPP DPD,DPC sarta PAC minercaya Mas Joni supaya maju makili wiranom(Pemudha) disaguhi maju calon wakil rakyat.Temahan pinaringan Nomer Urut : 3.
Sawise kapacak ana dhaftar calon wakil rakyat,Joni Prasetyo,S.Psi duwe pangajab ana ing Pemilu 2024 bisa kepilih lan winisuda minangka anggota DPRD Kabupaten Sleman,yaiku Bakal Nggayuh Nyejahteraake Masarakat Kanthi Nyata.Pungkase.
Jana/Red17.com