Home / Politik / Marsono: Seduluran Tekan Ati,Ya Ngayahi Ya Ngopeni

Marsono: Seduluran Tekan Ati,Ya Ngayahi Ya Ngopeni

 

SLEMAN,REDAKSI17.COM – Pesta dhemokrasi lumantar Pemilu kang diadani Dina Rebo Legi,14 Februari 2024 kepungkur wis paripurna kanthi swasana aman,tertib,lancar, terkendhali.Sarampunge rekapitulasi swara ing KPUD Sleman,netepake Calon Legislatif DPRD Kabupatèn Sleman sing kepilih lan bakal winisuda minangka “Anggota DPRD Kabupaten Sleman Taun 2024-2029”,yaiku “MARSONO” Caleg saka Partai Golkar,Dapil 3(Kalasan,Prambanan,Ngemplak) No.Urut:3 kanthi antuk swara pribadi:4.427.
Marsono,Priya lairan Sleman 11 Maret 1972 kang pidalem ana ing Padhukuhan Kadirojo II RT 01,RW 01,Kalurahan Purwomartani,Kapanewon Kalasan,Kabupatèn Sleman,Yogyakarta.

Tumrape Pak Marsono asmane akrab Caleg kepilih iki,pancen treb.Amarga antuk akehing panyengkuyunge saka maneka kelompok organisasi sosial kemasarakatan sarta lembaga sosial liyane ,sing ana wewengkon Kalasan,Prambanan,Ngemplak .Karana Pak Marsono seneng srawung marang sapa wae tanpa duwe rasa beda bedakake drajat,pangkat,semat.Nanging sakehing kanca dirangkul kayadene kadange dhewe.Apamaneh klawan Organisasi kepemudhaan tansah antuk kawigatene.Mula ora perlu diselaki manèh, antuk kapercayan saka Pamarentah Kalurahan Purwomartani,minangka Pengelola UPK(Unit Pengelola Keuwangan).Dene anggone nindakake nglola Lembaga Keuwangan BKM Purwo Mandhiri Kalurahan Purwomartani ditindakake kanthi Wiwit Taun 2009.Ewasemana uga isih migatekake babagan sosial kemasarakatan,mligine mbantu masarakat lumantar pemberdhayaan UMKM.

Karana UMKM sarta ngasta ana ing UPK kasebut,garwane “Ibu Wiwik,” lan bapak sing wis peputra telu iki,tumuli pinaringan amanah minangka “Ketua LPMKal” Kalurahan Purwomartani.
Pranyata sawise nindakake jejibahan luhur minangka Ketua LPMKal ,mahanani sakehing maneka lembaga sosial(maneka kelompok seni budaya,kelompok Olahraga padha sayeksaekapti nyawiji manunggal tetonggalan murih bisa lestarine “Seduluran Tekan Ati,Ya Ngayahi Ya Ngopeni”.sing tegese ana rasa susah seneng,abot entheng ditanggung diayah ayahi bebarengan pamrihe enggal purna ing gati.
Miturut atur pangandikane Pak Marsono ,rikala diwawancarai “Pawarta”ana daleme Dina Minggu Wage,3 Maret 2024:ngandharake,Menawa Sadeluran Tekan Ati,Ya Ngayahi ,Ya Ngopeni mawa teges,yaiku anggone nganggep sedulur ora mung kandhek ana lahir wae,nanging ana jroning sanubari.

Kayata sing ditindake wiwit duwe krentek maju Caleg sepisan nganti purnane pesta dhemokrasi,para sanak kadang padha cancut gumregut nyopoti gendera ,umbul umbul,baner,rontek ana ing kukuban Kalasan,Prambanan,Ngemplak .Amrih dina tenang cinipta,swasana kang tenang,adhem,ayem.Kanyata swasana kang hening Caleg Partai Golkar No.Urut :3 iki bebarengan masarakat padha neges mangku puja marang *Gusti Ingkang Maha Welas Asih,amrih antuk wahyu nugraha.Satemah dadi kasunyatan bisa kepilih kanthi antuk swara tumanja.

Kanggo mujudake rasa Sukur marang masarakat,Pak Marsono ngaturaken maturnuwun dhumateng masarakat Dapil 3sampun paring swanten.Temahan saget damel rukunipun warga masarakat.Pungkase.

Pawarta:Jana/Red

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *