Home / Politik / Muh.Zuhdan,S.Pd.M.AP: Nglayani Lan Mbela Rakyat

Muh.Zuhdan,S.Pd.M.AP: Nglayani Lan Mbela Rakyat

 

Sleman.REDAKSI17.COM –  “Hamemayu Hayuning Sarira,Hamemayu Hayuning Bangsa,Hamemayu Hayuning Bawana. Filosofi Jawa iki,mujudake salah sawijine pangayoman kang ditindakake dening piyayi kang memangku praja murih bisa raharja samudayane.Pribadi sing hambeg paramarta marang masyarakat,kayadene kang ditindakake “Muh.Zuhdan,S.Pd.M.AP” Caleg DPRD Kabupaten Sleman ,saka PKS Dapil 6(Godean,Seyegan,Moyudan,Minggir) Nomer Urut : 1

Muh.Zuhdan,S.Pd.M.AP utawa diaturi “Pak Zuhdan ” asmane Priya kelairan Sleman,21 September 1975 kang saiki isih ngasta minangka Anggota DPRD Kabupaten Sleman Taun 2019-2024.Wiwit winisuda anggota dhewan nganti tumeka saiki pinaringan kalenggahan minangka Wakil Ketua Fraksi PKS lan Wakil Ketua Komisi D,yakuwi salah sawijine komisi kang ngurusi Babagan pendhidhikan,kesehatan, lsp.Ewasemana uga pinaringan amanah ana ing “Banggar”

Miturut garwane “Ibu Drh Tri Sumiyartini ” kang wus peputra loro Iki,marang Pawarta rikala diwawancarai ana daleme ing Padhukuhan Rewulu Wetan RT 05,RW 21 Kalurahan Sidokarto,Kapanewon Godean,Kabupaten Sleman Dina Senen Pahing 23 Oktober 2023 mratelaake “Menawa anggone dadi kadher PKS Wiwit madeg sepisanan ana Ngayogyakarta Hadiningrat Sawise lumaku kanthi becik ,saiki pinercaya minangka Ketua Bidhang Polhukam DPD PKS Kabupaten Sleman.

 

Wandene gayud karo Komisi D jumbuh klawan pakaryan sing ditindakake sadurunge ngasta dhewan,yaiku .Taun 2002/2003 mbangun SDIT Jabanul Nur Jihad ing Mlangi uga.mbangun SMP/SMAIT Ponpes BINA UMAT ing Moyudan.Karana pengalaman anggone ngasta guru,ana ing Komisi D tansah migatekake panandhange masarakat sing butuhake wragat kanggo bayar sekolah uga kesehatan lsp.Pancen pantes tinulat dening sakehing warga masyarakat,jalaran saliyane duweni bebuden kang becik uga tansah migatekake kahanane masyarakat.Kayadene nyawisake mobil kanggo masyarakat,kanthi dijenenge mobil bungah,susah lan sayah.Tandhese

Mobil bungah,yakuwi kanggo masyarakat duweni hajadan manten,sunatan sarta acara pesta liyane.Ewadene yen mobil susah,yakuwi kanggo ngangkut Wargane kang nandhang dhukita,layon sarta sing ketaman covid,-19:patang taun kepungkur.Nanging Yen mobil sayah,yaiku kanggo ngangkut matereal,meja kursi uga kanggo kerja bhakti.

Dene gegayuhan lan pangajabe ana ing Pemilu 2024,antarane bakal nerusake program kerja sadurunge tetep ngutamaake pelayanan masyarakat uga mbela rakyat murih masyarakat ora bakal rekasa.Ewasemana sawalike masyarakat bisa makmur,sejahtera,adil warata.
Kanthi linandhesan ati kang suci sayekti,”Muh.Zuhdan,S.Pd.M.AP lumantar Medhia Red 17.Com Nyuwun Donga Pangestu Sarta Panyengkuyungipun Swanten Wonten TPS kanthi Nyoblos No:1.Bakal migunani masyarakat Pungkase.

Pawarta: Jana/Red

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *