Home / Politik / Muhammad Saleh,S.Pt : Ndorong Lan Ngawal Pemerintah Supaya Migatekake Mbentuk Kementerian,Ugo Mbentuk Komnas Perlindungan Khusus Difabel

Muhammad Saleh,S.Pt : Ndorong Lan Ngawal Pemerintah Supaya Migatekake Mbentuk Kementerian,Ugo Mbentuk Komnas Perlindungan Khusus Difabel

 

Sleman,REDAKSI17.COM – Ing Ngarsa Asung Tuladha,Ing Madya Mangun Karsa,Tutwuri Handayani”.Filosofi Jawa kasebut,nuduhake marang salah sijine pangarsaning praja kang bisa nglindhungi,ngayomi,pamomong sarta panutan para kawula dasih.Filosofi iki,kayadene sing ditindakake dening Muhammad Saleh Pimpinan Umum uga Pendhiri Pondhok Pesantren Tuna Rungu kang mapan ana ing Jl.Grogolan No:1 Grogolan,Kalurahan Umbulmartani,Kapanewon Ngemplak,Kabupatèn Sleman,Yogyakarta.

Muhammad Saleh,Priya lairan Sleman,7 Februari 1982 minangka putra ragile “Bapak Jamhari Cipto Pertomo” klawan “Ibu Suyanti” Bapak Jamhari pancen salah sajine tokoh NU kang nggiluti babagan tetulung marang sasamaning dumadi tanpa bedak bedakake drajat,pangkat,semat,keturunan lan agama.Mligine para anak anak dalanan sing sabén dinane nerak pranatan hukum.Ewadene yen Muhammad Saleh utawa diaturi asmane akrab “Ki Bejo Truno Negoro”(Bejo Cekak aose asmane).uga kapatah minangka pangarsane NU ana ing tlatah Ngemplak.

Muhammad Saleh garwane “Ibu Fitri Gustami” kang wis peputra pitu iki,rikala diwawancarai pawarta dina Rebo Kliwon,24 Januari 2024 ngandharake kanthi prasaja.
Miturut pangandikane,sadurunge nyantri ana Tebu Iréng,Taun 1994-1997:nyantri ana Pondhok Pesantren Krapyak Yogyakarta Jurusan Tsanawiyah.Sawise Lulus, Taun 1997′-2000-nerusake nganti Lulus nyantri ana Pondhok Pesantren Tebu Iréng .Wandene sawise saka Tebu Iréng .Karana uwis mbuntas babagan ngelmu sunah rosul mahanani duwe krenteg ngedegake Ponpes sing nggula wenthah para panandhang disabilitas ,mligine “Tuna Rungu “.Pranyata sawise madeg nganti tumeka saiki kang nyantri cqcahe ana 280 santri Pangandikane. Muhammad Saleh,S.Pt marang pawarta.

Sawise kasil mangarsani Ponpes,temahan klawan para punggawa ,sentana sarta kerabat Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat kayadene GBPH Yudaningrat sangsaya rumaket.Satemah pinaringan jejibahan sabén sepuluh dina sepisan ngresa Langgar nDalem Yudonegaran.Dene busana sing diagem sarwa putih,serbanan puntih pindhane Pangeran Diponegoro.Wiwit saka ngresa ana nDalem Yudonegaran dening kadange jaga ,asmane Ki Suryo Kusumo ngaturi Muhammad Saleh “Ki Bejo Truno Negoro”

Awit asmane Muhammad Saleh sangsaya kawentar nganti tumeka Jaban rangkah,mahanani sakehing pimpinan parpol padha ngajak gabung.Ewadene partai politik sing jumbuh karo nuranine yamung “PSI” .Jalaran Visi,Misine becik kanggo nyejahteraake masarakat sawutuhe uga ora sarujuk klawan tumindak korupsi.Mula tanpa gantalan wektu,para pengurus DPW,DPD tumuli maringi amanah marang Muhammad Saleh,S.Pt minangka Sekretaris DPC PSI Kapanewon Ngemplak sarta supaya maju Caleg DPRD Provinsi DIY ana ing Pemilu 2024 lumantar Dapil Sleman Lor(Turi,Tempel,Sleman,Pakem,Cangkringan ,Ngaglik,Ngemplak,Kalasan,Prambanan).
Amanah kasebut,tumuli nindakake sosialisasi ana dapile kanthi tememen.

Gegayudan karo Visi,Misine,yaiku Bakal ndhorong Lan Ngawal Pemerentah Supaya Migatekake Mbentuk Kementrian Khusus Difabel Kemanusiaan uga Mbentuk Komnas Perlindhungan Tunarungu(Luwih Khusus Tunarungu).Jalaran saiki wus ana Komnas Difabel,nanging isih Umum.Kajaba kuwi uga tuna netra,daksa,Ewasemana tuna rungu babar pisan durung antuk kawigatene pemerintah.
Kanggo mujudake Visi,Misi kasebut “Muhammad Saleh(Bejo)Nyuwun Panjurung Donga Pangestu Lan Panyengkuyungipun Swanten Dhumateng Masarakat Dapil Sleman Lor Wonten ing Dinten Rebo Legi,14 Februari 2024 Kanthi Nyoblos DPRD Provinsi Surat Suara Warni Biru ,Partaine No:15 Lan Calegke No;8 .Wadene kangge Pasangan Capres-Cawapres Nyoblos No:2.Badhe Amanah.Pungkase.

Pawarta: Jana/Red

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *