Bantul.REDAKSI17.COM – Pesta dhemokrasi lumantar Pemilu 27 dina manèh bakal digelar sa Nuswantara.Tepate persis ana ing dina Rebo Legi,14 Februari 2024.Pesta dhemokrasi sing diadani limang taun pisan iki,yaiku milih Calon Wakil rakyat kang bakal lungguh ana ing DPRD Kabupatèn/Kota,DPRD Provinsi,DPR RI,DPD RI ,Presiden lan Wakil Presiden kanthi Jujur Adil Langsung Umum Bebas Rahasia(JURDIL LUBER).Wandene partai politik kang melu Pemilu 2024,cacahe ana 18 Partai Politik .
Magepokan karo pilég ing Pemilu 2024 kasebut,ana salah sijine piyayi,asmane “Nur Kholis Majid,S.TP” Priya kelairan Bantul,5 Juni 1977 kang pidalem ana ing Padhukuhan Guyangan,Kalurahan Wonolelo,Kapanewon Pleret,Kabupatèn Bantul,Yogyakarta.
Nur Kholis Majid,S.TP,utawa diaturi asmane akrab “Pak Nur Kholis”minangka salah sawijine kadher militan PKS sejati,kang ambyur ana ing politik Wiwit Taun 1998.Mula satreb Pak Nur Kholis kang wis peputra telu iki,saben dinane ngasta “Staf Dewan Fraksi PKS DPRD Daerah Istimewa Yogyakarta Wandene ana ing struktural, pinaringan amanah minangka “Kepala Bidhang Pemberdhayaan Dhesa DPD PKS Kabupaten Bantul.Karana Nur Kholis anggone berjuwang keras nggedhekake lan ngrembakaake PKS wis katon kanthi nyata,mahanani para pimpinan pengurus DPW,DPD sarta sajajarane.maringi sampur ana pundhake supaya ing Pemilu 2024 maju Caleg saka Dapil 3(Pleret,Imogiri,Dlingo).Pranyata Pak Nur Kholis,piyayi kang duweni pribadi becik,grapyak semanak sarta santun anggone atur pangandikan klawan sapa wae nyanggupi (Ngestupada)dhawuhe pimpinan PKS Temahan sawise kapacak ana ing DCT(Dhaftar Calon Tetap) antuk Nomer Urut:5.
Amanah kasebut wis manjing sajuga ana sanubari kanthi sukacita,mula tumuli nindakake sosialisi babagan pertanian,kerajinan,UMKM kanggo para Ibu Ibu,Wiranom(Pemudha) ana wewengkon Pleret,Imogiri,Dlingo.Gayut karo pertanian ora uwal saka pupuk sing saiki angel golekane sarta yen ana regane larang.Kanggo ngurangi wragat kanggo tumbas pupuk,ngadani pelatihan cara gawe pupuk saka sampah sing ngganggu lingkungan masarakat.Kanyata Ibu Ibu,Wiranom sawise saka melu pelatihan bisa ngolah dhewe saka sampah dadi pupuk organik.Saliyane bisa manfangatake saka sampah dadi pupuk,temahan pada miwiti nenandur ana pekarangan,sawah utawa kebon kanthi maneka warna woh wohan lan sayuran.Kayadene ana wewengkon Dlingo,warga masarakat kanthi cara olah tetanen,mrodhuksi olahan pangan saka asile tetanen,kerajinan saka kayu,bambu kang lumaku klawan UMKM Semono uga para wiranom kanthi duweni kabisan olah tetanen,mligine nandur woh wohan alpokat,sarta woh wohan liyane bisa budidayaake kanthi pener,bener mesthi ngasilake pemetu sing akeh cacahe.Satemah asile bisa kanggo ngundhakake ekonomi kluwarga.Pangandiksne Pak Nur Kholis marang Red.17.
Dene Nur Kholis Majid,S.TP Caleg Nomer Urut :5, anggone maju Caleg ana ing Pemilu 2024,kanthi gegayuhan(Visi) lan pangajab(Misi):,yaiku “Saiyeg Saekapraya Sesarengan Klawan Masyarakat Mbangun Desa”
Gegayuhan(Visi),yaiku Bakal mujudake masarakat Pleret,Imogiri,Dlingo bisa maju,ngrembaka,gemah ripah loh jinawi saka asile olah tetaten.Semono uga saka asile tetanen bisa dadiya sarana minterake wargane sekolah nganti dhuwur(Kuliyah).
Ewadene Pangajab(Misi)ne kang utama,antarane:,Bakal ngawal lan merjuwangake aspirasi masarakat ana ing Pemda Bantul utawa ana ing Dinas Pertanian ,mligine babagan pupuk sarana pertanian liyane luwih gampang Bakal memperjuwange babagan bibit taneman woh wohan kayata jeruk,alpokat,pelem,rambutan.Semono uga bibit tanaman lombok,terong,tomat.Woh wohan sarta bibit tanaman kasebut bakal ditandur dening para Ibu Ibu,Wiranom ana wewengkon Dlingo,Imogiri,Pleret.Pamrihe supaya bisa duwe pemetu sing akeh lan ora gumantung bantuwan wong liya utawa makarya ana jaban rangkah.Ewasemana uga bakal memperjuwangake babagan pendhidhikan,kesehatan kanggo warga masarakate murih padha pinter sarta sehat jiwa ragane.
Kanggo mujudake gegayuhan sarta pangajabe “Nur Kholis Majid,S.TP “Nyuwun Panjurung Donga Pangestu lan Panyengkuyungipun Swanten” dhumateng warga masarakat Pleret,Imogiri,Dlingo benjang Rebo Legi,14:Februari 2024 Supados Nyoblos No,;5 .Awit palilahipun Gusti Allah SWT badhe amanah.Pungkase
Pawarta: Jana/Red