BANTUL,REDAKSI17.COM – Minggu Wage,10 September, 2023 redaksi17.com sengaja Sanja Desa tumuju ana daleme Ibu Nur Yuni Astuti,S.Sos.S.H ing Padhukuhan Banyakan 1,RT 01 Kalurahan Sitimulyo,Kapanewon Piyungan,Kabupaten Bantul saperlu sowan silaturahim sekalihan wawancara kang magepokan anggone maju maneh minangka Calon Legeslatif DPRD Kabupaten Bantul ana ing Pemilu 2024 saka PDI Perjuangan,lumantar Dapil 2(Banguntapan,Piyungan).
Sawise ketemu lan bisa sabet jagong ,tumuli miwiti nyuwun pirsa anggone duwe krentek maju Caleg.Miturut katerangane Bu Yuni asmane akrab,wanita kelairan Bantul,12’Juni 1973 marang pawarta ngandharake ,”Menawa sadurunge maju Caleg ,satemene isih ngasta minangka Anggota DPRD Kabupaten Bantul saka Fraksi PDIP,wiwit Taun 2019 nganti seprene sing lungguh ana Komisi D,yaiku minangka salah sawijine komisi kang bidangi babagan kesehatan masyarakat,kesehatan,kebudayaan,perlindungan anak lan perempuan sarta bidhang liyane sing ana sambung rapete karo komisi D.
Semono uga ana kantor dewan pinercaya lungguh minangka aggota BAPEMPERDA awit ana ing DPC PDIP Kabupaten Bantul, bu Yuni Astuti, kang wus putra loro iki uga pinaringan kapercayan minangka Wakil Ketua bidang masalah ekonomi kreatif lan pariwisata.Mula sasuwene njabat dewan,tansah mudhun langsung ana satengahing masyarakat saperlu merjuwangake lan ngawal aspirasi masarakat kang ditujokake marang eksekutif Pemkab Bantul, mligine BupatiWakil Bupati sarta Kadis liyane.Ewasemana uga isih ana program kerja sing durung bisa dirampungake.Tandhese.
Mula supaya bisa ngrampungake program kerja sadurunge rikala njabat taun 2019-2024,ana ing Pemilu 2024 Bu Yuni Astuti melu maju Caleg maju maneh kanthi nomer urut:2 duwe pangajab lan gegayuhan,samengkone bisa kepilih lan winisuda minangka dewan,yaiku bakal memberdhayaake kaum wanita murih bisa urip makmur sejahtera tanpa ninggalake adat istiadat,norma susila kang ora ninggalake seni budhaya tradhisi kang adiluhung.Satemah warga masyarakat,mligine para kaum wanita,disabilitas bisa wirausaha mandhiri.
Bakal tetap semangat merjuwangake aspirasi ing Kapanewon Banguntapan sarta Piyungan,murih masyarakat bisa urip kang sejati utawa GRILOJI ( Gemah Ripah Loh Jinawi) kanthi nyata.Temahan masyarakat Bantul umume bisa sejahtera.Pungkase Bu Nur Yuni Astuti Caleg DPRD Kabupaten Bantul marang pawarta.
Jana/Red