Gunungkidul,REDAKSI17.COM – Kabupaten GunungKidul,Ngayogyakarta Hadiningrat minangka salah sawijine Kabupaten sing duwe potensi .Amarga Kabupaten GunungKidul sing dumadi saka 18 Kapanewon(Kecamatan),144 Kalurahan/Kantor Desa duweni maneka prodhuk unggulan sarta maneka kelompok seni budhaya tradhisi uga maneka papan plesiran(Destinasi Wisata).Satemah GunungKidul migunaake slogan “HANDAYANI” (Hijau,Aman,Normatif,Dhinamis,Amal,Yakin,Asah Asih Asuh,Nilai,Tambah,Indah).
Pranyata slogan kasebut,kanyata dadi kasunyatan.GunungKidul bisa kawentar hanjayeng bawana.Awit para pamangku praja anggone nindakake jejiban luhur tansah ditindakake bebarengan klawan para instansi pamarentah kang ana gegayudane karo masarakat sing ana ing saben Kapanewon utawa ana ing saben Kalurahan.Karana mangerteni kahanane Kabupaten GunungKidul kang saiki maju lan ngrembaka,mahanani “R.Muhammad Arief Billah” putra mbarepe saka “Bapak R.Ibnu Hadjar Sholeh(Mbah Benu) Klawan Ibu Warinah” duwe krentek maju Calon Anggota Legeslatif saka Partai Kebangkitan Bangsa (PKB) Dapil 5(Panggang,Purwosari,Saptosari,Palihan,Tanjungsari).
R.Muhammad Arief Billah,utawa diaturi Pak Arief asmane akrab Priya kelairan GunungKidul 19 Desember 1973 kang pidalem ana ing Padhukuhan Panggang III RT 06,RW 04 Kalurahan Giriharjo,Kapanewon Panggang,Kabupaten GunungKidul,Yogyakarta.
Pak Arief klawan pawarta redaksi17.com rikala disowani ana daleme Dina Jemuwah Pon 29 September 2023.ngandharake menawa anggone maju Caleg,awit antuk panjurunge keluwarga mligine garwa,putra lan bapa biyunge sarta para kasepuhan,pinisepuh,para kyai,ulama,tokoh masarakat,para dwija uga maneka kelompok sosial kemasarakatan,kelompok seni budhaya sing ana ing enem Kapanewon.Amarga masarakat duwe pepinginan,supaya garwane “Umaimaturrohmah” lan wis peputra siji iki,bisa merjuwangake aspirasine masarakat ana Pemda GunungKidul utawa Dinas Pamarentah kang ana sambung rapete karo kahanane masarakat.Jalaran sakehing aspirasine masarakat,tanpa ana sing ngawal lan merjuwangake ana Pamarentah ora bakal purna.
Karana sakehing panjurung lan panyengkuyunge masarakat,R Muhammad Arief Billah,kang pakaryane saben dina nggiluti wirausaha maneka tanaman hias sing pemasarane lumantar online suwene watara sepuluh taun karana ana Gunungkidul,duwe organisasi pengelola tanaman hias kang kerep ngadani pameran pameran.
Satemah masarakat akeh sing seneng nenandur maneka tanaman hias.Ewadene tetanduran sing digeluti ,holtikutura,pertanian sarta tanaman hias mligine anggrek uga maneka tanaman liyane.Dene anggone masarake lumantar BBM,Geogle,Facebook lan paket.Pranyata bisnis tanaman hias sing digiluti,nganti jaban rangkah (Maneka Provinsi).Pangandikane Arief.
Wandene gegayuhane R.Muhammad Arief Billah Caleg Nomer Urut: 9 kang wigati,yaiku “Bakal Mujudake Masarakat GunungKidul Kang Andayani” sing mangku kareb,sawise kaleksanan ngasta dhewan kudu tansah migatekake kepentingane masarakat tanpa duwe rasa beda bedakake derajat,pangkat,semat,agama lan keturunan.Nanging kabeh wae dirangkul kayadene kadange pribadi,Semono uga kudu tansah tutwuri marang pranatan kang wis kapacak ana Badhan Kehormatan.Murih anggone nindakake jejiban suci minangka wakil rakyat bisa Andayani sakabehane.Kanggo bisa mujudake gegayuhan lan pangajab kang utama iki,R Muhammad Arief Bilah,ngelingake aja lali.taggal 14 Februari 2024 milih wakil rakyat ora mung merga nampa amplopan.Nanging pilihan wakil rakyat sing bener bener merjuwangake aspirasi masarakat kanthi tulusing ati.Mila kula aturi milih Nomer ingkang paling pungkasan(No: 9).Gusti Allah SWT ngijabahi dhumateng kawula dasih.Tandhese.
Pawarta :Jana/Red