Home / Politik / Rino Caroko, Restorasi Tumuju Masyarakat Gunungkidul Makmur Sejahtera

Rino Caroko, Restorasi Tumuju Masyarakat Gunungkidul Makmur Sejahtera

 

Gunungkidul,REDAKSI17.COM – Pesta dhemokrasi kang diadani saben limang taun sepisan,sedhela maneh bakal teka sing wektune limang sasi maneh).Tepate tanggal 14 Februari 2024.

Bangsa Indonesia bakal ngadani Pemilu,sing ancas tujuwane saperlu milih calon wakil rakyat kang lungguh ana DPRD Kabupaten/Kota.DPRD Provinsi.DPR RI.DPD RI sarta milih Paslon Presiden.Magepokan milih calon wakil rakyat kang bakal lungguh ana kursi DPRD Kabupaten/Kota.Kayadene sing dak sowani dina Rebo Pon,4 Oktober 2023,yaiku sowan salah sijine calon wakil rakyat kang asmane wus kawentar nganti tumeka jaban rangkah.Wandene Calon Anggota Legeslatif saka Partai NasDem,Dapil 5(Panggang,Purwosari,Saptosari,Tanjungsari,Paliyan)Nomer Urut:5. asmane “Rino Caroko”

Rino Caroko utawa diaturi Mas Rino asmane akrab,Priya lairan Bantul 9 Mei 1981 kang pidalem ana ing Panggang III ,Kalurahan Giriharjo,Kapanewon(Kecamatan)Panggang,Kabupaten GunungKidul,Yogyakarta.Pranyata sawise bisa ketemu lan sabed jagong marang Mas Rino,piyayine duweni pribadi kang becik, grapyak semanak,sumeh uga santun anggone atur pangandikan marang sapa wae tanpa duwe rasa beda bedakake derajat,pangkat,semat,agama lan keturunan.Nanging kabeh wae dianggep kayadene kadange dhewe.Apamaneh uga duwe jiwa sosial sarta peduli marang masarakat sing ana ing wewengkon limang Kecamatan kasebut.

Mas Rino minangka salah sijine tokoh wiranom, kang seneng nggiluti utawa aktif ana sakehing organisasi.Kayata ana ing Lembaga Swadaya Masyarakat(LSM) Jejaring Rakyat Mandiri(JERAMI) kang tugase dhampingi babagan pertanian.Ewasemana uga aweh bantuwan kanggo dandani pembangunan fisik,infrastruktur ana wilayahe.Wandene uga mudhun langsung ana satengahing masarakat.Mula ora bisa diselaki maneh,Mas Rino antuk kapercayan saka DPD Partai NasDem Kabupaten Gunung Kidul minangka “Wakil Ketua Bidhang Pemilihan”
Miturut atur pangandikane Mas Rino Caroko marang pawarta,rikala ditemoni lan diwawancarai ngandharake,”Menawa anggone duwe krentek maju calon wakil rakyat,karana mangerteni kahanane masyarakat sing butuhake kawigatene pamarentah kang ana gegayudane karo pendhidhikan,sosial,budhaya,kesehatan,pertanian,perikanan,peternakan ora bisa kawujud.Mula kanthi maju calon wakil rakyat,bisa ngawal,ngampingi Lan Merjuwangake ana Pemda GunungKidul sarta ana Instansi pamarentah sing ana sambung rapete karo pepinginane masyarakat diwujudake kanthi nyata.Murih jumbuh karo gegayuhan sarta pangajabe *Partai NasDem,” yaiku “Restorasi( Gerakan Perubahan)”
Lumantar Partai NasDem,garwane “Ibu Aprilia Evry Arisano” kang wus peputra loro iki,bakal bisa mujudake masarakat Panggang,Purwosari,Saptosari,Paliyan,Tanjungsari makmur ,sejahtera khususe lan masyarakat GunungKidul umume.

Supaya bisa mujudake raharjane masyarakat tumuju masarakat kang “Gemah Ripah Loh Jinawi”(GIRILOJI) Mas Rino Caroko “Nyuwun Panjurung Donga Pangestu Sarta Panyengkuyungipun Swanten Wonten Ing TPS” kanthi Nyoblos Nomer:5 Insya Allah badhe amanah dhumateng kawula dasih.Pungkasing pangandikan Mas Rino Caroko marang pawarta.

Pawarta : Jana/Red

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *