Home / Politik / Suharyono,Mbangun Sleman Kulon Murih Biso Luwih Apik lan Tumoto

Suharyono,Mbangun Sleman Kulon Murih Biso Luwih Apik lan Tumoto

 

Sleman,REDAKSI17.COM – Minggu Legi,22 Oktober 2023 Pawarta sengaja sanja desa tumuju ana ing Padhukuhan Krapyak RT 04,RW 28 Kalurahan Margoagung,Kapanewon Seyegan,Kabupaten Sleman,Yogyakarta.

Wandene ancas tujuwane saperlu silaturahim sekalihan wawancara marang SUHARYONO magepokan anggone maju Calon Anggota Legeslatif DPRD Kabupaten Sleman ana ing Pemilu 2024 kang bakal digelar tanggal 14 Februari 2024 patang sasi maneh.Pranyata sawise ketemu lan sabed jagong,piyayine grapyak semanak,santun sarta sarwa prasaja anggone atur pangandikan klawan sapa wae.

Apamaneh marang para konstituen diprayogakake kanthi manasuka,awit njaga paseduluran salawase bisa tetep lestari.Karana wus rada suwe pepanggihan,pawarta tumuli miwiti nyuwun katerangan marang Suharyono Caleg Nomer: 1 sing saiki uga isih ngasta minangka Anggota DPRD Sleman Wiwit Taun 2019-2024 kang lenggah ana Komisi A lan anggota Bamus.

Miturut atur pangandikane Suharyono,utawa Pak Haryono asmane akrab ,Priya kelairan Sleman 3 Juni 1958 marang redaksi17.com Menawa Komisi A,yakuwi salah sawijine komisi kang ngurusi babagan karo pamarentahan,katentreman,ketertiban umum sarta perlindhungan masyarakat (Satpol Pamong Praja lan Pemadham Kebakaran),urusan Pamarentahan Bidhang Kependhudhukan Lan Pencatatan Sipil(Dhinas Kependhudhukan Lan Pencatatan Sipil).

Ewadene ana ing struktural DPD Partai NasDem Kabupaten Sleman bagiyan Badhan Pemenangan Pemilu pangandikane Suharyono Caleg Nomer: 1 marang pawarta.

Tumrape Pak Haryono pinaringan amanah kang murwat,karana sadurunge ngasta dhewan duweni maneka pengalaman minangka pangarsa,kayadene ngasta Guru ngrangkep BP ana SMPN 1 Mlati suwene 35 Taun.Ketua BPKal Margoagung 12 Taun.Ketua Gapoktan Kabupaten Sleman.Ketua Asosiasi Petani Tembakau Indonesia(APTI)Kabupaten Sleman sarta ana ing kampung uga pinaringan kapercayan minangka Ketua LPMD.Nangjng sawise ngasta dhewan,jabatan kang sinampir diselehake murih anggone nindakake jejibahan luhur minangka anggota dhewan bisa ditindakake kanthi becik.Pangandikane garwane Ibu Heri Sujatmi lan bapak kang wis peputra loro Iki

Magepokan anggone maju maneh ana ing Pemilu 2024,kanthi gegayuhan(Visi),yaiku Mbangun Sleman Kulon,mligine ing Kapanewon Minggir lan Seyegan bisa luwih becik,maju sarta ngrembaka.Jalaran rong Kapanewon kasebut kagolong ora duwe( Miskin).Semono uga Kapanewon Godean,Moyudan tetep digatekake murih sangsaya maju.

Wandene pangajabe(Misi),antarane:Bakal ngawal lan memperjuwangake aspirasi masyarakat ana eksekutip(Pamarentah Dhaerah Kabupaten Sleman) lan ana instansi pamarentah sing ana sambung rapete karo kebutuwane masyarakat ing Dapil 6 nganti rampung.
Bakal ngampingi masyarakat gayud karo kebutuhane masyarakat kang ditindakake kanthi sarwa prasaja(Transparan,)amrih anggone mbangun Paseduluran Salawase bisa lana.
Murih gegayuhan sarta pangajabe supaya bisa dirasake masyarakat “Minggir,Seyegan,Moyudan,Godean” Caleg Suharyono “Nyuwun Panjurung Donga Pangestu Sarta Panyengkuyungipun Swanten ” Wonten TPS kanthi Nyoblos No: 1.Tandhese.

Pawarta : Jana/red

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *