Home / Politik / Suripto: Desa Lan Kutha Ditata Nganti Tumata

Suripto: Desa Lan Kutha Ditata Nganti Tumata

 

Bantul,REDAKSI.17COM – Rebo Pahing,31 Januari 2024 uga bebarengan penanggalan Jawa 16 Rejeb 1957,ing Taun Jimawal,Windu Sancaya lan Wuku Wangalit “Pawarta” sengaja sowan silaturahim marang salah sijine Calon Legislatif saka Partai Amanat Nasional(PAN)lumantar Dapil 3(Pleret,Imogiri,Dlingo) No:4 kang asmane wus ora asing manèh ana ing tlatah Bantul.Karana sadurunge maju Caleg,kebak pengalaman mandhegani sakehing organisasi sosial kemasyarakat,organisasi kepemudhaan sarta organisasi keagamaan.Satemah saka sakehing pengalaman kang diprakarsani mahanani bisa ngasta Dhukuh Kedungpring saka Taun 1996-1999.

Ewasemana anggone ngasta Dhukuh amung antuk telung Taun.Karana Taun 1999 maju Calur,kepilih lan winisuda minangka Lurah Bawuran Taun 1999-2008.Sajrone ngasta Lurah,Kalurahan bisa maju lan ngrembaka sakehing babagan.Mligine pamarentahan,perekonomian,pembangunan fisik,infrastruktur wis tumata kanthi becik.Wandene piyayi kang ngasta Lurah kasebut,asmane “Suripto” Priya kelairan Bantul,16 Maret 1970.kang pidalem ana ing Padhukuhan Kedungpring,Kalurahan Bawuran,Kapanewon Pleret,Kabupatèn Bantul,Yogyakarta.

Miturut atur pangandikane “Pak Suripto”asmane akrab iki marang pawarta ngandharake “Menawa garwane kang asmane “Ibu Siti Cholifah” isih ngasta ASN ana ing Pemda Bantul lan wis pinaringan putra.Ature sing sepisan.Ature kapindho sawise ora ngasta Lurah Bawuran,pinaringan amanah minangka “Ketua LPMKal Bawuran uga ngasta Dhirektur ing PT.Gerbang Cahya Persada” kang Kantore mapan ana ing Jl.Pleret Patuk KM 04 Pleret,Bantul,Yogyakarta.Pak Suripto rikala isih ngasta Lurah Bawuran,pancen salah sijine pangarsaning praja seujati kang bisa nglindhungi,ngayomi,ngayemi,pamomong sarta panutan masyarakat.Mula akeh pimpinan partai politik padha ngajak nyawiji maju Caleg,nanging partai kang cocok ana telenging ati kanggo kendharaane maju Caleg DPRD Kabupatèn Bantul ana ing Pemilu 2024 sing bakal digelar dina Rebo Legi14’Februari 2024 yamung *PAN”.Amarga Partai Amanat Nasional iki,Misi ,Visine jumbuh karo krenteking sanubari bakal “Nata Desa Lan Kutha Nganti Tumata ” linandhesan “Manunggaling Cipta,Rasa,Karsa Lan Karya”

Ewadene ana sakehing babagan kang digayuh kanggo mujudake sejahterane masyarakat,antarane:Pendhidhikan,Kesehatan, Ekonomi,Olahraga,Seni lan Budaya sarta papan wisata(Dhestinasi Wisata)sing ana tlatah Pleret,Imogiri,Dlingo.Murih bisa kanggo ngundhakake ekonomi kluwarga sabén dinane.
Kanggo mujudake Gegayuhan(Visi),Pangajab(Misi)nè Pak Suripto “Nyuwun Panjurung Donga Pangestu Sarta Panyengkungipun Swanten” Dhumateng Warga Masyarakat Pleret,Imogiri,Dlingo Benjang Rebo Legi,14 Februari 2024 Kula Aturi Bikak Kartu Suara Warni Ijô Saking PAN tumuli Nyoblos No:4(Suripto) Karana Ijin Allah SWT Badhe amanah.Pungkase.

Pawarta:Jana/DL

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *