Home / Politik / Suryo Hutomo, Wong Biasa Lan Dudu Sapa Sapa,Ambyur Ana Ing Politik Murih Tumuju Dewan

Suryo Hutomo, Wong Biasa Lan Dudu Sapa Sapa,Ambyur Ana Ing Politik Murih Tumuju Dewan

 

Sleman,redaksi17.com – Maju calon wakil rakyat DPRD Kabupaten Sleman,ana ing Pemilu 2024 tumrapa Suryo Hutomo pancen ora tanpa alasan .Amarga sadurunge dadi montor penggerak PSI,priya siji iki yamung *Wong Biyasa lan Dudu Sapa Sapa(Orang Biasa Dan Bukan Siapa Siapa)” sing saben dinane olah tetanen sinambi wirausaha babagan kuliner (Jajanan,Oleh Oleh sarta maneka kuliner liyane kanggo para pelaku UMKM Nanging rikala isih ana Bandung,uwis tau makarya ana ing Supermarket,Perhotelan uga dhistributor kopi Kapal Api ana ing Jabar 1(Bandung) suwene 10 taun.Awit pandhemj Covid-19 tumuli bali ana papan kelairane, nerusake olah tetanen kaya sing ditindakake dening wong tuwane.Kanyata sawise rong taun lumaku,Suryo Hutomo utawa Suryo Manggolo ,Priya kelairan Sleman 21 Desember 1978 tumuli ambyur ana politik,Wandene partai kang dadi cocoking ati yaiku Partai Solidaritas Indonesia(PSI).Karana kerja keras lan perjuwangane nggedhekke lan ngrembakaake PSI ana ing wewengkon Kapanewon Kalasan bisa dadi kasunyatan.Satemah antuk kawigatene para pengurus PSI sing ana DPP,DPW,DPD,DPRt tumuli marentahake Suryo Hutomo maju Caleg DPRD Kabupaten Sleman.Mangkono mula bukane Suryo Hutomo ambyur(Terjun)ana politik.

Suryo Hutomo,yaiku putra kapate saka Bapak Wagiman Trisno Mujiharto klawan Ibu Lasinem sawise antuk panjurung Donga Pangestune kluwarga sarta panyengkuyunge para pangarsa maneka paguyuban(Kelompok/Komunitas) tumuli nyerwidekake para kelompok kasebut.Kayadene kelompok kelompok tani milineal Purwo Makmur kanthi cara menehi sesuluh,babagan milih lan carane nandur winih,migunaake rabuk saka gaweyan pabrik supaya irit nanging uga bisa ngasilake kang akeh.Kajaba kui uga ngajari carane ngramu saka humus sing wis dicampur karo lemah(Pasir).Pamrihe asile tetanen bisa luwih akeh lan uga nyuda wragate.Semono uga sing magepokan karo pelestarine budhaya lan seni tradhisi tetep tumangkar lestari hanjayeng bawana nganti tumeka anak putu,garwane Ibu Fitrotunnisa lan wis peputra loro yaik Aulia Sufi Rahmani lan Malik Abdul Aziz kanthi cara mbina marang kelompok Ibu Ibu PKK latihan karawitan seminggu kapindho saben dina Selasa lan Kemis awan tabuh 13.00 nganti rampung.Pranyata kanthi latihan tekun ,rikala malem tirakatan dipentasake gawe sengseme para warga masarakat ing acara malam tirakatan kasebut .Sabanjure ana ing acara hajatan manten,para pengrawit Ibu Ibu PKK Temanggal loro bisa nglipur para tamu saka Sumatra sarta tamu undangan liyane sing samya resepsi.

Ewadene kang dadi ancas gegayuhan lan pangajabe sing wigati,Suryo Hutomo utawa Suryo Manggolo anggone maju Caleg,antarane :Bakal ngawal lan merjuwangake aspirasine masarakat sa Dapil 3(Kalasan,Prambanan,Ngemplak)ana ing Bupati/Wabup Sleman utawa instansi sing ana sambung rapete babagan pendhidhikan,kesehatan,pertanian,peternakan,perikanan,seni budhaya,pembangunan fisik,infrastruktur nganti bisa kasil dirasaake masarakat.Amfih masarakat bisa urip makmur sejahtera khususe lan Sleman umume.Bakal merjuwangake aspirasine masarakat kanthi prasaja(Transparan).Mula kanggo mujudake gegayuhan kang utama Iki,Suryo Hutomo Nyuwun marang masarakat supaya milih calon wakil rakyat sing bener bener merjuwangake aspirasi kanthi sawutuhing ati,aja gampang kepilut marang janji janji karana nampa nampa angpao.Pungkasing pangandikane Suryo Manggolo Caleg No 1 marang pawarta.

Pawarta : Jana/Red

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *