Sleman,REDAKSI17.COM – Maju Calon Anggota Legeslatif DPRD Kabupaten Sleman saka Partai NasDem Dapil 3(Kalasan,Prambanan,Ngemplak) Nomer Urut;8 ana ing Pemilu 2024 tumrape “Sutopo”pancen ora tanpa alasan.Amarga saliyane antuk panjurunge keluwarga,mligine keng garwa uga antuk panyengkuyunge masarakat sarta sakehing maneka kelompok sosial kemasarakatan sing ana ing Kalasan,Prambanan,Ngemplak.Kayadene : Kelompok seni budhaya,Kelompok petani peternak,Kelompok Wanita Tani,Karang Taruna sarta Kelompok Pengajian uga Kelompok Hadroh.
Miturut pangandikane Sutopo marang redaksi17.com rikala disowani lan diwawancarai ana daleme Dina Kemis Kliwon,21 September 2023 ngandharake pakaryan kang ditindake saben dinane sadurunge duwe krentek maju Calon Anggota Legeslatif.
Miturut pangandikane,anggone makarya ana salah sawijine perusahaan konstruksi kang mrodhuksi sarana perhubungan dharat,sing dipimpin dening “Sutapa,S.H” kanthi jeneng PT Formula Lalu Lintas mapane ana ing Jl Tegal Sidomoyo,Godean,Sleman,Yogyakarta .Jalaran saka makarya ana perusahaan kontruksi iki,temahan bisa nyukupi kebutuwan uripe keluwarga saben dinane sarta bisa kenal marang sakehing pimpinan partai politik.Salah sijine Surana,S T Ketua DPD Partai NasDem Kabupaten Sleman.Tandhese.
Sutopo utawa diaturi Pak Topo asmane akrab,Priya kelairan Sleman 27 Oktober 1967 kang pidalem ing Kampung Bendungan Padhukuhan Sembur RT 001,RW 013 Kalurahan Tirtomartani,Kapanewon Kalasan,Kabupaten Sleman.Yogyakarta.
Caleg Sutopo garwane Ibu Wiwik Sumartini : lan wis peputra siji,sing asmane Adinda Fitriani,S.H nambahke pangandikane marang redaksi17.com rikala disowani lan diwawancarai ana daleme ngandharake Menawa sadurunge pinaringan amanah minangka Ketua DPC Partai NasDem Kapanewon Kalasan dening Surana,S.T Anggota DPRD Kabupaten Sleman uga Ketua DPD Partai NasDem Kabupaten Sleman,yaiku minangka Ketua RT 01 uga Ketua LPM ing Padhukuhan Sembur sarta Waketum Forum Jogja Rembug(FJR) Kalurahan Tirtomartani Karana sakehing pengalaman kasebut,Ketua DPD Partai NasDem Kabupaten sangsaya manteb anggone njurung Sutopo maju nyaleg.
Sumunaring surya kang anelahi manjing sajoga ana sanubarine Sutopo,mahanani para pimpinan organisasi(Paguyuban/Kelompok).sing ana Kalasan,Prambanan,Ngemplak padha nyawiji,manunggal tetonggalan marang Sutopo murih bisa merjuwangake aspirasine masarakat.Awit masarakat wis minercaya ,Sutopo tumuli tumindak kanthi ngadani patemonan klawan masarakat saperlu sambungrasa kang ngrembug babagan
kekarepane masarakat.Kanyata sawise mangerteni pepinginane masarakat,yaiku kang magepokan pendhidhikan,sosial,budhaya,kesehatan,pertanian,peternakan,perikanan sarta pembangunan.
Caleg Sutopo sumadiya nuruti kekarepane masarakat kanthi cara memperjuwangake lan ngawal aspirasine masarakat ana ing eksekutif Pamarentah Kabupaten utawa dhinas sing ana sambung rapete karo pepinginane masarakat bakal ditindakake kanthi sawutuhing ati(Tanpa Pamrih).Kanggo sarana kang wigati bisa mujudake aspirasine masarakat,Sutopo nyuwun prasetyane masarakat Kalasan,Prambanan ,Ngemplak aja nganti lali milih calon wakil rakyat sing merga nampa amplopan,Nanging pilihen wakil rakyat sing bener bener bakal merjuwangake aspirasine masarakat kang sanyata sing bakal diwujudake ana ing Tanggal 14 Februari 2024 kanthi nyoblos Nomer Urut:8 bakal amanah kanggo masarakat.
Sutopo Caleg Nomer Urut : 8 anggone maju kanthi pangajab ,yaiku bakal mujudake masarakat Kalasan,mligine Tirtomartani bisa makmur sejahtera lumantar indhustri omahan,kerajinan lan UMKM bisa lumaku kanthi lancar.Semono uga masarakat Prambanan,Ngemplak sarta masarakat sa Sleman bisa luwih makmur ,sejahtera kanthi
linandhesan budhaya kang adiluhung warisane para pepundhen kang wus kasedan jati.Pungkasing pangandikane Sutopo.
Pawarta : Jana/red