Bantul,REDAKSI17.COM – Pancen ora bisa diselaki maneh,marang salah sijine kader Partai Golkar kang saiki ngasta minangka “Wakil Ketua”DPD Partai Golkar Kabupaten Bantul.Ewasemana uga ngasta minangka anggota Legeslatif kang njabat minangka “Sekretaris Fraksi” lan lenggah ana ing “Komisi A”.yaiku salah siwijine komisi kang magepokan karo Dinas Kependhudhukan Lan Pencatatan Sipil sarta Dinas Pemberdayaan Masarakat Lan Desa).
Wandene anggota politisi saka Partai kanthi lambang wit ringin kasebut asmane Teguh Santoso,S.E utawa diaturi asmane akrab Pak Teguh Priya lairan Banyuwangi 4 Mei 1969 kang pidalem ana ing Padhukuhan Ngemplak Sari ,Jambon RT 01,Kalurahan Srimulyo,Kapanewon Piyungan,Kabupaten Bantul,Yogyakarta.
Sadurunge njabat anggota dhewan,garwane Ibu Sujaryanti lan wis peputra siji Iki,minangka asile maju Pileg ana ing Pemilu 2019 kang kaping papat lumantar Dapil 2( Piyungan,Banguntapan).Jalaran ana ing Pemilu 2004-2009) maju saka Dapil 5(Pajangan,Kasihan,Sedayu)No:5’antuk swara paling akeh .Ewasemana durung kepilih..Nanging sing dadi dhewan No:1Jalaran nganggo aturan nomer urut.Semono uga ing Pemilu 2009-2014 maju Caleg maneh saka Dapil 5 (Pajangan,Kasihan,Sedayu).Semono uga ana ing Pemilu 2014-2019 maju Caleg maneh,saka Dapil 2(Piyungan,Banguntapan) No:1 uga durung kasil maneh,Awit Gusti Ingkang Akarya Jagat durung maringi nugraha.Nanging ana ing Pemilu 2019-2024 maju saka Dapil 2(Piyungan,Banguntapan)No:3 .Pranyata bisa kepilih lan winisuda minangka anggota dhewan nganti seprene.Pangandikane Pak Teguh marang pawarta ,rikala diwawancarai ana Indomart Jl.Wonosari-Piyungan Bantul dina Jemuwah Kliwon,18 Januari 2024.
Teguhing ati Pak Teguh pancen piyayi sejati,karana maju Caleg nganti katelu ora kepilih tetep mingkuh pindhah parpol.Sanajan akeh pimpinan partai politik padha ngajak gabung.Awit wis panggilan nuranine kudu ana Partai Golkar ya kudu dirungkepi kanthi sawutuhing ati.Apamaneh Pak Teguh ana sakehing organisasi digiluti kanthi becik lan tansah pinaringan sampur ana pundhake minangka pangarsa.Semono uga ana Partai Golkar ggone nyawiji,manunggal tetonggalan kanthi tumemen.
Mula saka santosaning ati,mahanani ana ing Pemilu 2019 gegayuhan lan pangajabe minangka anggota dhewan bisa kasembadan.Imbuhe.Amarga Pemilu 2024 sing bakal digelar Dina Rebo Legi,14:Februari gari sesasi maneh,Pak Teguh kang ngasta Wakil Ketua klawan para pengurus sajajarane sarta padha sayeksaekapti marang para Caleg supaya tumuli nindakake sosialisasi ana ing saben dhapile.Pamrihe saben dhapil bisa antuk kursi.Mula ora mokal anggone nglayani masarakat sedina sewengi(24 Jam) durung maneh saben antuk undhangan sosialisasi Pak Teguh klawan garwane tumuli ngestupada nindaki ana ing undhangan kasebut.Imbuhe.
Ewadene program kerja sing ditindakake kanggo mujudake gegayudane maju Caleg ana ing Pemilu 2024,yaiku bakal ngawal lan merjuwangake Aspirasi Masarakat ing Pemkab Bantul sarta Dinas Pamarentah kang ana sambung rapete karo kesejahteraane masarakat nganti purna.
Kanggo mujudake pangajabe kang utama kasebut,Pak Teguh Santoso,S.E Nyuwun Panjurung Donga Pangestu Sarta Panyengkuyunge Masarakat Piyungan,Banguntapan kanthi Nyoblos No:1 Lan Nyoblos No:2 Pasangan Presiden Lan Wakil Presiden Prabowo-Gibran Bakal migunani masarakat.Pungkase.
Pawarta : Jana/Red