Beranda / Hikayat Seni dan Budaya / Mengenal Bendera Kanjeng Kyai Tunggul Wulung

Mengenal Bendera Kanjeng Kyai Tunggul Wulung

Bendera Kanjeng Kyai Tunggul Wulung. Bendera pusaka Kasultanan Ngayogyakarta. Konon dari kiswah Ka’bah dan pernah diputrakan (salin) sekitar tahun 1930an.
.
Apa saja tulisannya ? berikut dlm bahasa Jawa Krama.
.
Seratan sisih nginggil (putih)
القهار المنتقم القوي الجبار
Al-Qahhār, Al-Muntaqim, Al-Qawiyy, Al-Jabbār.
Tegesipun:
Al-Qahhār: Gusti Allah Ingkang Maha Nundhukaken sedaya.
Al-Muntaqim: Gusti Allah Ingkang Maha Paring Piwales.
Al-Qawiyy: Gusti Allah Ingkang Maha Kuwawi.
Al-Jabbār: Gusti Allah Ingkang Maha Prakosa.
.
Seratan sisih ngandhap (putih)
الحكيم الغفور اللطيف الرحيم
Al-Hakīm, Al-Ghafūr, Al-Laṭīf, Ar-Raḥīm.
Tegesipun:
Al-Hakīm: Gusti Allah Ingkang Maha Wicaksana.
Al-Ghafūr: Gusti Allah Ingkang Maha Paring Pangapunten.
Al-Laṭīf: Gusti Allah Ingkang Maha Alus saha Maha Welas.
Ar-Raḥīm: Gusti Allah Ingkang Maha Asih.
.
Seratan abrit sisih nginggil
لا إله إلا الله محمد رسول الله
Lā ilāha illallāh, Muḥammadur Rasūlullāh.
Tegesipun:
“Tan wonten sesembahan ingkang leres kajawi namung Gusti Allah, saha Kanjeng Nabi Muhammad punika utusanipun Gusti Allah.”
.
Seratan abrit sisih ngandhap
إِيَّاكَ نَعْبُدُ وَإِيَّاكَ نَسْتَعِينُ
Iyyāka na‘budu wa iyyāka nasta‘īn.
Tegesipun:
“Namung dhumateng Paduka kawula sami manembah, saha namung dhumateng Paduka kawula sami nyuwun pitulungan.”
اهْدِنَا الصِّرَاطَ الْمُسْتَقِيمَ
Ihdinaṣ-ṣirāṭal-mustaqīm.
Tegesipun:
“Paduka mugi kersa paring pitedah dhumateng kawula, dhateng margi ingkang leres.”
.
Seratan wonten ing tengah
الله
Allāh.
Tegesipun: Gusti Allah.
.
Kaligrafi ageng sisih tengen
يا الله
Yā Allāh.
Tegesipun: “Duh Gusti Allah.”

Tampilkan lebih sedikit

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *